Idul Adha 2025
Materi Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 2025, Pilihan Terbaik dan Penuh Khidmat untuk Dibacakan
Berikut akan disajikan selengkapnya contoh materi Khutbah Idul Adha 2025 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan pilihan terbaik untuk dibagikan saat mome
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi “hab liy minas sholihin” dipun tafsiri:
يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana’aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten.
Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika’ komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ
إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro. Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda’aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Tips dan Cara Mengolah Daging Kurban Agar Tidak Alot dan Empuk Waktu Dimakan, Direndam dengan Nanas |
![]() |
---|
4 Resep Olahan Daging Kurban yang Lezat dan Mudah Diikuti untuk Santapan Bersama Keluarga Besar |
![]() |
---|
KUMPULAN Tema Idul Adha 2025 yang Simpel dan Penuh Makna untuk Beragam Acara di Kantor/Sekolah |
![]() |
---|
Dapat Daging Kurban? Berikut Resep Sate Sapi Dari Dapur Indralaya Ogan Ilir, Patut Dicoba |
![]() |
---|
Berapa Lama Daging Kurban Bisa Disimpan di Kulkas atau Freezer? Bisa 1 Tahun JIka Pengemasan Benar |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.