Idul Adha 2025

Materi Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 2025, Pilihan Terbaik dan Penuh Khidmat untuk Dibacakan

Berikut akan disajikan selengkapnya contoh materi Khutbah Idul Adha 2025 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan pilihan terbaik untuk dibagikan saat mome

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI KHUTBAH IDUL ADHA - Materi Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 2025, Pilihan Terbaik dan Penuh Khidmat untuk Dibacakan 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan selengkapnya contoh materi Khutbah Idul Adha 2025 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan pilihan terbaik untuk dibagikan saat moment Lebaran Idul Adha 1446 Hijriyah.

_____

Khutbah Idul Adha

"Neladani Kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail"

Khutbah I:

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ  اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ  فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ 

Jama’ah Idul Adha RahimakumulLah 

Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. 

Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin. Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. 

Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat. 

Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

 وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ 

Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124) 

Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane “kalimatin” meniko “aturane agomo” ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. 

Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda’aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale  perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak. Baca Juga Khutbah Idul Adha: Kurban dan Spirit Melahirkan Generasi Terbaik 

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ 

Hadirin Ingkang Minulyo 

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved