TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan contoh teks Khutbah Sholat Ied Lebaran Idul Fitri 1446H/2025 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan bermakna untuk referensi.
____
Khutbah Sholat Ied
"Sejatosipun Arti Idul Fitri"
Khutbah I
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ شَهْرُ رَمَضانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّناتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقانِ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضاً أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Jamaah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah.
Nalikane mirengaken Idul Fitri, tentu ingkang wonten dateng pikiran kito sedanten inggih meniko raos bungah tur seneng. Riyaden Idul Fitri ditengeri kalayan istilah ”mudik”.
Kajaba niku, Idul Fitri ugi sering ditandhani kalayan ingkang enggal, wiwit nganggo sandhangan enggal, sepatu enggal, sepeda motor enggal, mobil enggal lan sak lintu-lintunipun. Maklum mawon, muteripun yotro paling ageng inggih wonten dinten riyaden Idul Fitri.
Nek sampun mekaten, sejatosipun ingkang dipun arani riyaden Idul Fitri niku nopo? Idul Fitri, inggih meniko riyaden ingkang dipun rayaaken sak mantunipun umat Islam siyam sak lebete sasi Ramadhan.
Dipun arani Idul Fitri amargi menungso sami ugi kados dining bayi ingkang nembih lahir saking gua garbaning ibu tanpo nggadah salah lan duso. Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah.
Idul Fitri ugi diartosaken kalayan bangsul meleh dateng fitrah menungso. Artosipun, milai dinten meniko lan sak mantunipun, sakmestinipun kito sedanten bangsul maleh dateng fitroh kito bilih nyekseni namung Gusti Allah inggih meniko sesembahan kito sedanten. Kados wonten al-Qur’an surah al-A'raf (7) ayat 172 :
وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنْ بَنِي ءَادَمَ مِنْ ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَى أَنْفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ قَالُوا بَلَى شَهِدْنَا أَنْ تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَذَا غَافِلِينَ
"(Lan ilingo), nalikane Pengeranmu ngedalaken anak turunipun Adam saking sulbi mereka tur Gusti Allah mundut persaksian dateng jiwa mereka (kalihan dawuh): "opoto Ingsun iki Pengeran Sesembahanmu?" Mereka mangsuli: "Inggih leres (Panjenengan Pengeran Sesembahan kito), kito sedanten nyekseni".
(awak dewe nglakoni seng koyo ngene iki) supoyo jange pas dino kiamat awakmu ora ngucap: "Saktemene kawulo (bani Adam) inggih meniko tiyang-tiyang ingkah lengah dateng meniko (keesaan Gusti Pengeran)"
Sederek sedanten ingkang dimulyaaken Gusti Allah. seiring nglampahi gesang niki kito sedanten sering ngelalekaken Gusti Allah tur ngelampahi salah lan duso dateng Gusti Allah lan kalayan menungso.
Mangertosi artosipun Idul Fitri (bali dateng fitrah) kaleh mbangun maleh pengabdian sesembahan namung dateng Gusti Allah inggih sampun dados kewajiban, sehinggo kito sedanten saget dados kawulo-kawulo ingkang muttaqin lan kawulo ingkang mboten nggadah duso dateng Gusti Allah. Duso dateng Gusti Allah saget dipun busek kalayan tobat.
Duso dateng menungso saget dipun busek kalayan silaturahim unjung-unjung. Ingkang dipun arani duso inggih meniko catetan keawonan mungguhe Gusti Allah ingkang dilampahi kalayan menungso kerono mboten nglampahi perintah utawi kerono menungso ngelampahi nopo ingkang sampun dilarang kaleh Gusti Allah lan Rasulipun.