Idul Fitri 2025

Contoh Teks Khutbah Sholat Ied Lebaran Idul Fitri 1446H/2025 Bahasa Jawa, Singkat dan Bermakna

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

ILUSTRASI MASJID - Inilah Contoh Teks Khutbah Sholat Ied Lebaran Idul Fitri 1446H/2025 Bahasa Jawa, Singkat dan Bermakna .

"(Saking Ibn Syihab bilih Muhammad bin Jubair bin Muth'im nateh ngendikan, bilih tiyange nate mireng Kanjeng Nabi Muhammad Saw., dawuh: “Tiyang ingkang mutus welas asih mboten saget melebet suwargi”. Lan dipun jelasaken maleh: 

 لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ 

“Mboten halal kanggeh tiyang muslim untuk mboikot (mboten nyopo) sedulure langkung saking 3 dinten.” (HR. Bukhari). 

Sederek sedanten ingkang dipun Rahmati Gusti Allah. Ternyata wonten alesanipun kinging menopo tiyang ingkang mutus silaturahim kok mboten saget melebet suwargi, inggih meniko dawuhipun Kanjeng Nabi saw: 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ إِنَّ أَعْمَالَ بَنِي آدَمَ تُعْرَضُ كُلَّ خَمِيسٍ لَيْلَةَ الْجُمُعَةِ فَلاَ يُقْبَلُ عَمَلُ قَاطِعِ رَحِمٍ 

"(Saking Abi Hurairah nate ngendikan, ingsun nate mireng bilih Kanjeng Rasulullah Saw., nate dawuh: “Saktemenipun amal ibadah anak turunipun Nabi Adam (menungso) dilaporaken saben dinten Kemis malem Jumat. Mongko mboten dipun terami amal ibadahipun tiyang ingkang mutus welas asih”. 

Ugi dipun kuataken kalayan hadis Nabi Muhammad saw:

 تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الْإِثْنَيْنِ، وَيَوْمَ الْخَمِيسِ، فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لَا يُشْرِكُ بِاللهِ شَيْئًا، إِلَّا رَجُلًا كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ، فَيُقَالُ: أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا، أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا 

“Lawang-lawang suwargi dipun buka saben dinten Senin kalehan Kemis. Terus dipangapunten sedanten kawulo ingkang mboten nyekutuaken Gusti Allah kalehan nopo mawon. Kejobo tiyang ingkang nggadah musuhan kalehan sederek e. Dipun aturi, Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh... Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh... Tunda en amal ibadahipun tiyang kaleh niku sampe tiyang kaleh niku akur maleh...” (HR. Imam Malik) 

Langkung meniku, kito sedanten kedah dados tiyang ingkang nggadahi sifat paring pangapunten, inggih meniko saget ngapunteni dateng tiyang lintu sakderenge tiyang wau nedi ngapunten dateng kito. Kados deneh Surah Ali-Imran (3) ayat 134: 

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ 

"(Penghuni suwargi yoiku) tiyang-tiyang ingkang nafkahaken (bondo-dunyo), pas lagi penak utowi pas lagi mboten penak, lan tiyang-tiyang ingkang saget nahan moreng-moreng lan tiyang ingkang saget paring ngapunten (salahe) tiyang. Lan Gusti Allah demen marang tiyang-tiyang ingkang nglampahi kesalehan." 

Amergi niku, mumpung taseh wonten raos bungah dinten meniko, monggo kito dadosaken Idul Fitri meniko damel silaturahim, nedi sepunten lan sungkem dateng tiyang sepah, halal bi halal sambang sinambang dateng sederek, tetanggi lan rencang-rencang. Monggo kito ilangi raos dendam, su’udzon, hasud, dengki, lan takabbur. 

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَذِكْرِ اْلحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ 

Khutbah II 

Halaman
1234

Berita Terkini