TRIBUNSUMSEL.COM- Sampaikan khutbah Idul Adha 1445 hijriyah tahun 2024 menggunakan berbagai bahasa daerah, termasuk bahasa Jawa.
Bagi Anda yang berkesempatan menyampaikan khutbah saat selesai sholat ied Idul Adha, bisa menggunakan contoh teks dalam bahasa Jawa dalam artikel ini.
Adapun judul teks khutbah Idul Adha 1445 hijriyah dalam bahasa Jawa dalam artikel ini adalah "Neladani Kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail"
Berikut teks khutbah Idul Adha 1445 hijriyah tahun 2024 dalam bahasa Jawa.
KHUTBAH I
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Jemaah Idul Adha rahimakumullah.
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin.
Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat.
Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124).
Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane "kalimatin" meniko "aturane agomo" ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda'aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo.
Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi "hab liy minas sholihin" dipun tafsiri:
يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana'aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten. Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika' komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro.
Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107) .
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jemaah Idul Adha ingkang dirahmati Allah.
Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.
Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
KHUTBAH II
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Teks Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa dalam format PDF [DOWNLOAD DISINI]
Baca juga: 10 Amalan Sunnah Baik Dilakukan Sebelum dan Setelah Melaksanakan Sholat Idul Adha, Dilengkapi Dalil
Baca juga: Niat Puasa Tarwiyah dan Arafah Bahasa Arab, Puasa 8-9 Dzulhijjah Sebelum Idul Adha 1445 H/2024
Baca juga: 40 Contoh Tema Hari Raya Idul Adha 1445 H/2024 Inspiratif Islami untuk Kegiatan Sekolah Hingga Umum
Itulah teks khutbah Idul Adha 1445 hijriyah tahun 2024 dalam bahasa Jawa, singkat tersedia file pdf.
Baca artikel dan berita Tribun Sumsel lainnya langsung dari google news