Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bulan Rajab Bahasa Jawa Edisi 3 Januari 2025, Bermakna dan Penuh Khidmat

Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat bulan Rajab dalam Bahasa Jawa edisi 3 Januari 2025, pilihan terbaik dan penuh khidmat untuk dibagikan

Tribunsumsel.com
Materi Khutbah Jumat Bulan Rajab Bahasa Jawa Edisi 3 Januari 2025, Bermakna dan Penuh Khidmat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan materi Khutbah Jumat bulan Rajab dalam Bahasa Jawa edisi 3 Januari 2025, pilihan terbaik dan penuh khidmat untuk dibagikan pada jamaah Sholat Jumat.

====

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA

"Wulan Rajab Dados Wulane Persiapan"

Khutbah I:

اَلْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ 

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, rame utawi sepi, samar utawi terang, supados kito sedoyo pikantuk rahmatipun Gusti Allah soho pengapuro wonten ing dunyo ngantos akhirat. 

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargane, lan poro sohabate ingkang sampun paring pituduh supados ngelampahi tuntunan agomo Islam kanti bener. Gusti Allah sampun dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan malaikate podo moco sholawat dumateng Kanjeng Nabi. Hei wong kang podo iman, mocoho sholawat lan salam dumateng Kanjeng Nabi. (Al-Ahzab 56)

Ayat meniko negesaken bilih Gusti Allah maos sholawat arupi paring tambah rohmat ta’dzim keberkahan lan poro malaikat tansah ndedungo kesaenan marang Kanjeng Nabi. Lajeng kito dipun perintah nyenyuwun dumateng Gusti Allah supados sering maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi supados kaluberan berkah ugi pikantuk kesaenan. 

Hadirin Ingkang Minulyo

Sekedap malih kito bade melebet wonten wulan Rajab ingkang kebak berkah lan kesaenan. Wulan Rajab meniko wulan istimewa. Sayyid Abu Bakar Syato dawuh wonten kitab I‘anatut Thalibin bilih Rajab meniko asale saking lafad al-tarjiib (التَّرْجِيْب) ingkang maksudipun ngagungaken utawi mulyaaken. Kranten tiyang-tiyang Arab zaman rumiyen mulyaaken wulan Rajab ngungkuli wulan-wulan lintunipun.

Wulan Rajab ugi dipun sebat al-ashobb (الأَصَب) ingkang artosipun deres (mengucur). Kranten saking deres tetesan kesaenan rohmat wonten wulan Rajab meniko. Rajab saget ugi dipun kenal kaliyan sebutan al-Ashomm (الأَصَم) maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suara senjata pasukan perang wonten wulan Rajab. Gusti Allah nyebataken Rajab dados salah setunggalipun wulan harom tegese wulan ingkang dipun mulyaaken.

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ 

Artosipun: Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ingdalem kepastiane Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram. (Q.S. at-Taubah: 36).

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio

Wulan haram wonten ayat puniko tegese sekawan wulan mulyo saklintunipun Ramadhan, inggih meniko Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram soho Rajab. Alasane dipun sebat wulan haram kranten wonten sekawan wulan meniko umat islam dilarang perang, kejawi menawi musuh milai perang rumiyen. Sinaoso mekaten, keharomane nindaaken maksiat ing lebete sekawan wulan meniko langkung ageng dusone dibandingaken wonten wulan lintune.

Imam Suyuti ngutip dawuhe kanjeng Nabi Muhammad:

رَجَبُ شَهْرُ اللَّهِ وَشَعْبَانُ شَهْرِى وَرَمَضَانُ شَهْرُ أُمَّتِى

Artosipun: Rajab iku wulane Allah, Sya’ban iku wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku 

Rajab wulane Gusti Allah niku tegese wulan ingkang dipun hormati soho dipun agungaken. Wonten kitab Hilyatul Aulia dipun dawuhaken bilih Kanjeng Nabi maos dungo: 

اَلَّلهُمَّ بَارِكْ لَنَا في رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِّغْنَا رَمَضَانَ

Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun berkah wonten wulan Rajab lan wulan Sya’ban, lan panjenengan paring kulo panjang umur hinggo menangi wulan Ramadhan (Hilyatul Aulia).

Saking dawuh meniko, posisi wulan Rajab dados wulan persiapan nyambut wulan-wulan mulyo ingkang bade ndugi, kados wulan Sya’ban lan wulan Ramadhan. Syekh Al-Balkhi dawuh, “Rajab iku koyo angine, Sya’ban iku mendung, lan Ramadhan iku udane”.

Mugi-mugi wonten wulan Rajab lan wulan mulyo lintune kito dipun paringi semangat ngelampahi ibadah lan ngatahaken tumindak kesaenan soho ketaatan dateng Allah SWT. Amin ya rabbal alamin.

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ: وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

Khutbah II:

اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَانِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابِهِ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ الىَ يَومِ المَحْشَرِ

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا االلهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِىٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

***

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved