Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru 1 November 2024, Singkat dan Khidmat Untuk Referensi
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut sajian Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 1 November 2024, khidmat dan penuh makna untuk digunakan sebagai referensi.
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Keterangan saking hadits punika, ingkang kapisan Kanjeng Nabi paring dhawuh supaya kita tansah jaga takwa dhumateng Allah ta'ala ana ing ndi panggenan. Sahe ana ing panggonan rame utawa sepi. ana ing kutha utawa desa.
Menawi saget dipuntambahi ugi ana ing kahanan apa wae. Nalika seneng utawa susah. Nalika sugih utawa mlarat. Lan nalika Ramadhan utawa wulan sanese. Kaping kalih, Kanjeng Nabi paring dhawuh, menawi kita bacut tumindhak luput, supaya barengi kaluputane kanthi tumindhak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Kita, menungsa inggih punika tiyang ingkang mesti katah kaluputan lan dosa.
Pramila, supados Gusti Allah, paring ngapura sedaya kaluputan punika, mangga kita tansah kathah maos istighfar, nyuwun pangapura dhateng Allah, saha nyarengi kanthi tumindhak ingkang becik. Lan menawi kita gadahi kaluputan dhateng sapadha, wajib kita nyuwun ngapura dhateng tiyange.
Ugi menawi wonten perkawis ingkang kaitanipun kalian utang-piutang kedah kita bayar. Ingkang kaping tiga, dhawuhe Kanjeng Nabi wonten ing hadist punika, supaya kita ing dalem srawung marang sapadha padha, kanthi tumindak (akhlak) kang becik.
Jamaah salat Jumat rahimakumullah Kanthi tumindhak tiga perkawis wonten ing hadist punika, khususipun ing dalem jaga hubungan kita dhateng Allah saha marang sapadha sampun sahe, insyaallah kita bakal pikantuk urip ingkang ayem lan nikmat. Mugi-mugi kita sedaya kalebet dhateng tiyang ingkang kados mekaten. Amin allahumma amin.
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
***
Khutbah Jumat Singkat dan Inspiratif
Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Lengkap Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
| Kisah Mush'ab bin Umair, Pemuda di Masa Rasulullah, Rela Menukar Kenyamanan Dunia dengan Keimanan |
|
|---|
| Contoh Teks Doa untuk Peringatan Upacara Hari Sumpah Pemuda 2025 Penuh Khidmat Buat Generasi Muda |
|
|---|
| Kumpulan Doa Pendek Amalan Sehari-hari, Saat Kesulitan, Hati Sedih, Bosan, Takut Hingga Putus Asa |
|
|---|
| Hadits Lihatlah Orang di Bawahmu dalam Masalah Harta dan Dunia, Lihatlah di Atasmu untuk Akhirat |
|
|---|
| Manfaat Doa Bismillahi Syafi Bismillahil Kafi Bismillahi Muafi Bismillahillazi la Yadurru Maas Mihi |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/Contoh-Teks-Khutbah-Jumat-Bahasa-Jawa-Terbaru-1-November-2024-Singkat-dan-Khidmat-Untuk-Referensi.jpg)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.