Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru 1 November 2024, Singkat dan Khidmat Untuk Referensi
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut sajian Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 1 November 2024, khidmat dan penuh makna untuk digunakan sebagai referensi.
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut sajian Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 1 November 2024, khidmat dan penuh makna untuk digunakan sebagai referensi.
============
"Tiga Wasiat ingkang Mulia Sakbibare Ramadhan."
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِتَرْك الْمَنَاهِيْ وَفِعْلِ الطَّاعَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْهَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْمَآبِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْـتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ
Alhamdulillah sedaya puji namung kagunganipun Allah Ta'ala, Dzat ingkang gadhah sifat Maha Welas Asih marang sedaya makhlukipun. Ingkang maringi rahmat lan kenikmatan, rina lan wengi tanpa pitungan.
Kanthi sedaya nikmat lan peparing Allah ta'ala punika, mangga kita ginaake kagem perkawis ingkang sahe. Nglampahi sedaya perintah Allah saha nebihi awisanipun. Kanthi tumindhak mekaten, mugi-mugi kita dados tiyang ingkang takwa dhateng Allah ta'ala. Bilih salah sijine saking ganjarane tiyang ingkang takwa punika bakal pinaringan rizki saking Allah ta'ala.
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ ، وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ
Artosipun, "Sapa wonge kang takwa dhateng Allah, yekti Allah bakal mbukakake dalan, lan maringi rizki saking dalan sing ora iso dikira-kira." (QS ath Thalaq:2-3).
Predikat takwa punika, ugi sampun kita ikhtiarake nalika ing Wulan Ramadhan, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan sanese, lan kedah kita jaga ana ing sakbibare Wulan Ramadhan.
Jamaah salat Jumat rahimakumullah
Wonten salah setunggal hadits, ingkang pas kita trapaken sakbibare Wulan Ramadhan, hubunganipun kalian wasiat supaya jaga takwa ugi srawung marang sapadha kanthi tumindhak (akhlak) kang becik
عَنْ أَبِيْ ذَرٍّ جُنْدُبِ بنِ جُنَادَةَ وَأَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ مُعَاذِ بِنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا عَنْ رَسُولِ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ
Artosipun, "Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu'adz bin Jabal radhiyallahu anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun ngendhika: Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik." (HR At-Tirmidzi)
Jamaah salat Jumat rahimakumullah
Khutbah Jumat Singkat dan Inspiratif
Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Lengkap Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
| Kisah Mush'ab bin Umair, Pemuda di Masa Rasulullah, Rela Menukar Kenyamanan Dunia dengan Keimanan |
|
|---|
| Contoh Teks Doa untuk Peringatan Upacara Hari Sumpah Pemuda 2025 Penuh Khidmat Buat Generasi Muda |
|
|---|
| Kumpulan Doa Pendek Amalan Sehari-hari, Saat Kesulitan, Hati Sedih, Bosan, Takut Hingga Putus Asa |
|
|---|
| Hadits Lihatlah Orang di Bawahmu dalam Masalah Harta dan Dunia, Lihatlah di Atasmu untuk Akhirat |
|
|---|
| Manfaat Doa Bismillahi Syafi Bismillahil Kafi Bismillahi Muafi Bismillahillazi la Yadurru Maas Mihi |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/Contoh-Teks-Khutbah-Jumat-Bahasa-Jawa-Terbaru-1-November-2024-Singkat-dan-Khidmat-Untuk-Referensi.jpg)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.