Bulan Dzulhijjah
Materi Khutbah Jumat 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat, Tersedia LINK PDF
Berikut contoh materi Khutbah Idul Adha 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan penuh khidmat untuk digunakan sebagai referensi. Tersedia juga f
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Kanjeng Nabi sallallahu ‘alaihi wa sallam paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
“Wedio siro ing Gusti Allah, ing endi nggon ono siro, tut burenono kaelekan iku kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan, lan gaweo budi pekerti siro kelawan budi pakerti kang becik.” (HR Turmudzi)
Mekaten ugi estunipun takwa minongko Solusi kangge nggayuh pitulung saking ngarsa dalem Allah. Kados dawuhipun Allah:
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
“…Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang.“ (QS At-Thalaq: 4)
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Dinten puniko dinten ingkang agung, ngantos Allah ngaramaken siyam tumrap kito ing dinten meniko ngantos telasipun dinten Tasyriq. Dinten puniko kawastanan dinten Riyoyo Adha utawi Riyoyo Kurban, jalaran Allah merintahaken dateng kito supados nyembelih hewan kurban tumrap kito ingkang pinaringan kajembaran.
Ibadah kurban dipun syariataken minongko sarono taqorrub, nyaketaken dateng Allah, minongko bukti ketaatan dateng Allah, kanti nglilakaken sakperangan hak milik kito, bondo kito ingkang arupi kewan ternak mendo utawi lembu kasembelih minangko kurban.
Kito kedah yakin bilih ingkang bade katur dateng ngarsanipun Allah sanes daging menopo dene rahipun kewan kurban, ananging ketaatan, keikhlasan, ketakwaan, dateng Allah ingkang bade kunjuk datengipun ngarsanipun Allah. Kados dawuh Al-Qur’an:
لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ
“….Ora pisan-pisan bakal tumeko ing ngarsane Allah daging-daginge unta lan getihe, ananging takwaniro kang bakal nggayuh karidhane Allah.” (QS Al-Hajj: 37)
Babar pindah daging lan rahipun kurban mboten bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan takwanipun ingkang bade dumugi wonten ngayunan dalem Allah. Dene dagingipin kurban manfaatipun wangsul dateng sesami minongko amal sosial.
Sahinggo gamblang bilih syariat kurban puniko anggadahi manfaat ganda, hablun minallah minongko kumawulo kito, nuhoni dawuhipun Allah. Dene hablum minannas minongko amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.
Saking arah sanes, kurban estunipun ngengetaken manuso supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saho ndidik semangat pribadi lan jiwo sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan.
Khutbah Idul Adha 2024
Khutbah Idul Adha 2024 Format PDF
Khutbah Idul Adha 2024 Bahasa Jawa
Teks Khutbah Idul Adha 1445H/2024
Materi Khutbah Idul Adha 1445 H/2024 Singkat dalam
Tribunsumsel.com
Niat Puasa 5 Juni 2025 atau Puasa Arafah 9 Dzulhijjah 1446 H Lengkap dengan Keutamaannya |
![]() |
---|
Menghapus Dosa 2 Tahun, Ini Niat Puasa Arafah 9 Dzulhijjah 1446 H/2025, Baca Nanti Malam |
![]() |
---|
Jadwal Imsakiyah Puasa Arafah 9 Dzulhijjah 1446 H/2025 Wilayah Jawa Barat, Kamis 5 Juni 2025 |
![]() |
---|
Doa Niat Mandi Wajib/Keramas Puasa Arafah 2025 Lengkap Tata Caranya untuk Pria dan Wanita |
![]() |
---|
Bacaan Niat Puasa Arafah bulan Dzulhijjah 1446 H Lengkap Arab, Latin dan Arti, Amalkan Kamis Besok |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.