Bulan Dzulhijjah

Materi Khutbah Jumat 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat, Tersedia LINK PDF

Berikut contoh materi Khutbah Idul Adha 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang singkat dan penuh khidmat untuk digunakan sebagai referensi. Tersedia juga f

TRIBUNSUMSEL.COM
Materi Khutbah Jumat 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Khidmat, Tersedia LINK PDF 

Sedoyonipun tentu katindaken kerono Allah lan namung murih dateng karidhanipun Allah.

Saking segi sanesipun berkurban puniko kinaryo sarono mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, soho sarono nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih, luwih, lan ingkang miskin sarwo kekirangan, sahinggo mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Menawi estu-estu saget nggadahi fungsi mekaten kurban meniko, tentu gesangipun manungso tansah tenang lan ayem tentrem.

Tiang-tiang miskin mboten nate rumaos kesio-sio lan ino, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahinggo mboten cemas ngadepi pagesangan puniko.

Mekaten ugi ingkang sugih, mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin.

Sahinggo ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganingoyo dateng fakir miskin, malah trisno lan welas asih ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli pribumi, sedoyo tansah gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ

“Tumrape wong-wong fekir kang podo hijrah kang diusir songko desane lan bandane, lan kerono murih kanugerahan lan karidhan songko Allah, lan wong-wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong-wong kang koyo mengkono kuwi kang pada bener.” (QS Al-Hasyr: 8)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah kurban, minongko ibadah raos kumawulo dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minongko amal berdimensi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dining sesamining manungso.

Menawi syariat puniko saget kaleksanaken kanti sae, tentu sedoyo umat Islam bade ngraosaken lan nekseni kaagunganipun syariat agami puniko.

Bilih syariat agami kito puniko tansah mbekto dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa lan jasmani, sahinggo bade sampurno kebahagiaanipun manungso.

Mugi-mugi Allah maringaken hikmah saking ibadah kurban puniko. Sahinggo poro kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten Riyoyo Kurban puniko.

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved