Seputar Islam

Panduan Naskah Khutbah Jumat Hari Santri Nasional 2023 Bahasa Jawa Inspiratif, Link Unduh PDF Disini

Berikut ini merupakan isi naskah khutbah Jumat memperingati Hari Santri Nasional yang jatuh pada tanggal 22 Oktober 2023 mendatang dalam Bahasa Jawa.

Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Slamet Teguh
Tribunsumsel.com
Panduan Naskah Khutbah Jumat Hari Santri Nasional 2023 Bahasa Jawa Inspiratif, Link Unduh PDF Disini 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan isi naskah khutbah Jumat memperingati Hari Santri Nasional yang jatuh pada tanggal 22 Oktober 2023 mendatang dalam Bahasa Jawa.

Adapun materi khutbah ini mengandung banyak makna dan penuh inspirasi, tersedia pula dalam format PDF yang dapat diunduh melalui link dibawah ini.

"Nyipta Masyarakat Agama Lan Bahagia Ing Hari Santri Nasional 2023"

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُوْدُوْا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الْـمَـنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Sadaya puji namung kagunganipun Allah ﷻ Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken.

Sholawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman, Rasulullah Muhammad ﷺ, ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Negari Indonesia dipun wujudaken dening para pemimpin ingkang tansah ngugemi piugeranipun agami. Sahingga wiwit saking usaha perang nglawan poro penjajah tansah dipun lambari kanthi kalimat takbir “Allahu Akbar”.

Kanthi mekaten boten selak malih, pengakenan punika dipun cathet wonten ing salebetipun Pembukaan Undang-undang dasar 1945.

“Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”.

Kanthi dasar punika nedahaken, bilih negari Indonesia tansah ngakeni wontenipun agami, lan para penganutipun dipun lindungi dening undang-undang.

Ananging negari Indonesia sanes nagara agama, ananging Pancasila minangka dasar negara Indonesia. Kanthi Pancasila sedaya agama dipun jamin lan dipun lindungi dening pemerintah.

Kosok wangsulipun negari Indonesia boten marengaken dasar negara komunis, inggih punika ingkang boten ngakeni wontenipun agami.

Mangga kita tansah ngudi ningkataken anggenipun ngamalaken agama. Jalaran sampun jelas bilih komunis boten cocok kalian iman lan budayanipun masyarakat Indonesia, ingkang tansah yakin wontenipun Allah SWT.

Halaman
123
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved