Bulan Ramadhan
3 Contoh Materi Khutbah Jumat Minggu Ke-2 Ramadhan dalam Bahasa Jawa, Khidmat dan Mengandung Pesan
Hadirin sidang jum’ah rohimakumullah. Wonten ing kasempatan menika, kula paring wasiat dateng diri kula piyambak khususipun, lan dumateng panjenengan
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Kanthi ayat menika cetha sanget bilih ingkang dipun panggil dening gusti Allah ninda’ken pasa menika boten sedaya tiyang, ananging namung khusus kagem tiyang mukmin, inggih menika tiyang engkang iman dumateng ngarsanipun Allah swt. Amargi nglampahi siyam sak wulan muput niku boten saben tiyang sanggup ninda’aken kejawi namung tiyang-tiyang engkang iman dumateng ngarsanipun Allah swt. Kanthi dipun wajibaken pasa menika mugi tiyang engkang iman dados soyo tambah taqwanipun dateng ngarsanipun Allah swt.
Kanjeng nabi ugi dawuh:
وَالصِّيَامُ جُنَّةٌ وَاِذَا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ اَحَدِكُمْ فَلَا يَرْفُثْ وَلَا يَصْخَبْ فَاِنْ سَابَّهُ اَحَدٌ اَوْ قَاتَلَهُ فَلْيَقُلْ اِنِّي امْرُؤٌ صَائِمُ.
“Pasa iku minangka tameng / pelindung, lan nalika nandang pasa ing antarane sliramu kabeh, mangka aja pada rofats (berhubungan intim), lan aja padagomomg kasar. bahkan lamunto ana wong kang ngolok-ngolok utawa nyerang sliramu, mangka kondoho yen setuhune aku iki lagi pasa”
Hadirin sidang jum’ah rohimakumulloh
Saking hadits menika saget kita pendet pelajaran, bilih pasa menika minangka dados pelindung / tameng kagem tiyang engkang nglampahi, tameng wonteng ing dunyo ugi tameng wonten ing akhirot. Wonteng ing dunya, pasa saget namengi wong kang pasa saking godaane syahwat, nafsu angkoro murko, ugi tindak engkang boten sae lintunipun. lan wonten ing akhirot, wong kang pasa haram nyemplung neraka.
Pasa dalam konteks meniko kagungan 3 manfaat sekaligus, inggih menika : manfaat secara mental spiritual, manfaat secara sosial lan manfaat secara kesehatan .
Manfaat secara mental spiritual.
pasa muput sakjerone wulan Ramadhan menika saget ndadosaken mental kita dados kiat, sabar, tambah bersyukur, mampu meper howo nafsu, nyegah maksiat, lan iso mbusek doso. Malah ninda’ken pasa kanthi ikhlas soho disiplin saget dadosaken sikap lan karekter diri mukmin engkang disiplin lan tangguh, lan sifat-sifat menika sedoyo minongko dados pertondone tiyang-tiyang engkang taqwa. Taqwa menika posisi engkang saestu mulya sanget menggahipun gusti Allah, malah taqwa meniko dados tujuan utama saking syariat pasa Ramadhan.
Manfaat secara sosial.
Pasa Ramadhan menika biasa’aken kita gesang kanthi tertib, disiplin, rukun, damai, gotong royong lan bersatu padu. Pasa ugi biasa’aken kita demen marang keadilan, kesetaraan antara siji lan sijine: antara sing sugih lan sing miskin, antara pejabat lan rakyat, antar pengusaha lan karyawane, antara sing sepuh lan sing anom, lan sakteruse. Ora ana perbedaan ing antara siji lan sijine;
sedoyo kagungan kewajiban pasa. Bahkan kanthi ninda’ake pasa iso nuwuhake raos saling asih ing antarane umate kanjeng nabi Muhammad SAW, saling peduli, saling mat sinamatan, lan sak terusipun. Pancen kanthi ngelakoni pasa Ramadhan iku, lawange doso lan maksiat dadi tertutup rapat. Kanthi lantaran pasa Ramadhan, kehidupan masyarakat dadi tambah akrab, saling asih, gotong royong, lan tinebihaken saking penyakit sosial. Kondusifitas masyarakat terwujud.
Manfaat secara kesehatan
Secara kesehatan, tiyang engkang ninda’aken pasa niku badane dados sehat wal afiat: kanthi nglakoni pasa iso ngresiki usus lan pencernaan, weteng dadi akeh istirahat sing sakdurunge ora tahu mendeg giling panganan, ngresiki lemak lan kolesterol sing dadi sumbere pira-pira penyakit. Saat pasa, saktemene awak iki lagi proses “detoksifikasi” yoiku proses buang zat-zat / racun sing wis ora dibutuhne awak.
Saat pasa, awak iki uga lagi nedeng-nedenge proses “regenerasi” (pembaharuan sel), sahinggo sel-sel kang mati akhire dibuang banjur diganti kelawan sel-sel kang anyar kang apik. Sahinggo wong kang bar nglakoni pasa sak wulan muput, badane podo dadi sehat kabeh. koyo dawuhe kanjeng Nabi Muhammad SAW : “shuumuu tashihhuu” (podo pasaho siro kabeh, mongko podo dadi sehat).
| Lupa Bayar Zakat Fitrah, Apa yang Harus Dilakukan? Begini Penjelasan Ulama |
|
|---|
| Sahur Terakhir Ramadhan 1447 H/2026 Kamis 19 Maret atau Jumat? Ini Jadwalnya |
|
|---|
| Batas Akhir Bayar Zakat Fitrah 2026 Sampai Tanggal dan Jam Berapa? Ini Rincian Jadwalnya |
|
|---|
| Bacaan Doa Ramadhan Hari Ke-28, Lengkap Tulisan Latin dan Terjemahannya |
|
|---|
| Besaran Jumlah Zakat Fitrah 1447 H/2026 Beras dan Uang 17 Kabupaten/Kota di Sumsel |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/3-Contoh-Materi-Khutbah-Jumat-Minggu-Ke-2-Ramadhan-dalam-Bahasa-Jawa-Khidmat-dan-Mengandung-Pesan.jpg)