Kunci Jawaban
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 SMP Halaman 63 Kurikulum Merdeka, Struktur Pidato Perpisahan Kelas
Kunci Jawaban: 1. Salam Pambuka Nuwun Assalamualaikum wr.wb 2. Purwaka Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu g
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Nuwun
Assalamualaikum wr.wb
2. Purwaka
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
3. Isi/Surasa
Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani,sakedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan SMP … punika. Pramila, mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten.
Awrat sejatosipun kula perpisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenengan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Adhik-adhik, kula ndherek paring pepenget dhumateng panjenengan sedaya, sakmedhal kula saking pawiyatan punika, pangajab kula adhik-adhik sageda dados siswa-siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu Guru, lan dados murid ingkang pinter saha kreatif.
4. Pangarep-arep
Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
5. Panutup
Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami.
6. Salam Panutup
Nuwun
Wassalamu'alaikum wr.wb.
*)Disclaimer: Kunci jawaban di atas hanya digunakan oleh orang tua atau wali untuk memandu proses belajar anak.
________
Baca artikel kunci jawaban lainnya disini.
(Tribunsumsel.com/Putri Kusuma Rinjani)
****
Artikel lainnya di google news.
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.
| Kunci Jawaban Soal Bahasa Inggris Kelas 8 SMP Halaman 126 Kurikulum Merdeka, Progress Check 1 |
|
|---|
| Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 9 SMP Halaman 90 - 92 Kurikulum Merdeka, Teks Tanggapan |
|
|---|
| Jawaban Apa Inspirasi Menarik yang Anda Peroleh Dari Kegiatan? Dokumen Refleksi Tindak Lanjut |
|
|---|
| Contoh Jawaban, Bagaimana Refleksi Anda Tentang Praktik Kinerja Selama Observasi Praktik Kinerja? |
|
|---|
| Aplikasi BRImo Gangguan Hari Ini Jumat 31 Oktober 2025 Karena Pemeliharaan Sistem, Ini Cara Atasinya |
|
|---|

Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.