Seputar Islam
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Hari Ini 17 Oktober 2025: Amalan agar Jauh dari Api Neraka
Jamaah shalat Jumat ingkang minulya, Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita seday
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Saget mlebet swarga saha dipun bebaske saking geni neraka menika dados pengarep-arep sedaya manungsa. Malah, cita-cita menika, kita suwun wongsal-wangsul, kanthi asring maos dunga dhateng Gusti Allah swt:
رَبَّنا آتِنا فِي الدُّنْيا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنا عَذابَ النَّارِ
Artosipun: "Duh, Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kita kesaenan ana ing dunya lan akhirat. Lan mugi Panjenengan slametake kita saking siksa neraka,"
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Kados dene swarga, neraka menika ugi wonten tingkatane. Wonten ing Al-Qur'an dipun sebatake nami-naminipun neraka, antawisipun wonten neraka Jahanam. Dhawuhipun Gusti Allah ana ing Surat Al-Isra' ayat 8:
وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا
Artosipun: "Lan ndadiake Ingsun (Allah) ing neraka Jahanam. Kanggo kunjara wong-wong kafir,"
Lajeng wonten neraka Huthamah. Yaiku neraka kanggone wong sing seneng ghibah utawa ngrasani wong liya, wong sing seneng adu-adu, lan wong sing ketipu marang sugih bandha. Kados dene keterangan wonten ing Surat Al-Humazah ayat 4-8.
Wonten ugi neraka Saqar, kados dene keterangan wonten ing surat Muddatsir ayat 42-46, yaiku kanggo wong sing ora gelem shalat, ora gelem menehi marang wong miskin, lan ora percaya marang dina kiamat.
Wonten ugi neraka Hawiyah utawi tingkatan neraka kang paling ngisor, yaiku kanggo wong munafik, kados dene keterangan wonten ing Surat An-Nisa ayat 145:
اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ فِى الدَّرْكِ الْاَسْفَلِ مِنَ النَّارِۚ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيْرًاۙ
Lan tasih katah malih tingkatan-tingkatan neraka sanesipun. Ma'asyiral muslimin rahimakumullah Sedaya tingkatan neraka menika mboten wonten sing kepenak. Pramila, ampun ngantos kita sedaya saha keluarga kita dilebetake ing neraka. Gusti Allah sampun paring dhawuh:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ
Artosipun: "Hai, wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha ngreksaha awak-awak lan keluarga ira kabeh saking geni neraka. Kang empan-empane neraka kui, rupa manungsa kafir lan watu. Kang neraka kui dijaga malaikat-malaikat kang kasar tur keras tindakane, kang malaikat-malaikat mau ora nyulayani Allah ta'ala, tumerap apa kang den perintahake dening Allah ta'ala marang deweke,"
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Supaya kita dipun slametake saking siksa neraka, kajaba kita asring dunga nyuwun kalian Allah kanthi dunga ingkang sampun kasebat kala wau, ugi saget kelawan nindaake ibadah pasa.
Keterangan saking hadist Kanjeng Nabi Muhammad saw, bilih pasa menika saget dados tameng lan benteng saking neraka. Amalan sanesipun, supados kita dipun tebihake saking geni neraka, kados dene keterangan hadist ingkang dipun riwayatake Imam Ahmad:
| Kisah Mush'ab bin Umair, Pemuda di Masa Rasulullah, Rela Menukar Kenyamanan Dunia dengan Keimanan |
|
|---|
| Contoh Teks Doa untuk Peringatan Upacara Hari Sumpah Pemuda 2025 Penuh Khidmat Buat Generasi Muda |
|
|---|
| Kumpulan Doa Pendek Amalan Sehari-hari, Saat Kesulitan, Hati Sedih, Bosan, Takut Hingga Putus Asa |
|
|---|
| Hadits Lihatlah Orang di Bawahmu dalam Masalah Harta dan Dunia, Lihatlah di Atasmu untuk Akhirat |
|
|---|
| Manfaat Doa Bismillahi Syafi Bismillahil Kafi Bismillahi Muafi Bismillahillazi la Yadurru Maas Mihi |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/sumsel/foto/bank/originals/Materi-Khutbah-Jumat-Bahasa-Jawa-Hari-Ini-17-Oktober-2025-Amalan-agar-Jauh-dari-Api-Neraka.jpg)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.