Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Penuh Makna Tentang Kesuksesan

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah , Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya

Tribunsumsel.com
ILUSTRASI KHUTBAH JUMAT - Berikut adalah Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Penuh Makna Tentang Kesuksesan 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut adalah materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 10 Oktober 2025 yang berkesan dan penuh khidmat untuk dibagikan pada Jamaah Sholat Jumat berjudul "Pratandha Sukses ing Wulan Ramadhan, Apa Tandha Suksesmu?"

______

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Pratandha Sukses ing Wulan Ramadhan, Apa Tandha Suksesmu?"

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ   فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ:  وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ   

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.  

 وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ  
 
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (Surat Al-Baqarah ayat 197).   

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya 

Alhamdulillah, wekdal sakmenika kita sampun mlebet ing akhir wulan Ramadhan, artosipun kewajiban nindaake pasa ugi sampun badhe paripurna. Sampun kita mangertosi bilih prentah ibadah pasa punika gadahi tujuan dadosaken kita tiyang ingkang takwa marang Gusti Allah swt. Dhawuhipun Allah ta'ala: 

  يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ   

Artosipun, "Wong-wong mukmin difardhuake pasa. Kaya olehe pasa mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge umat Nabi Muhammad Saw. Supaya wong-wong mukmin padha takwa marang Allah ta’ala." (Surat Al-Baqarah ayat 183).   

Pramila, indikator keberhasilan tiyang pasa inggih punika, nalika ing akhir utawi sakrampunge wulan Ramadhan, piyambake tambah iman lan takwane marang Gusti Allah swt. 

Lajeng pripun kita saget mangertosi pratandhane tiyang ingkang takwa?  

Wonten ing Al-Qur'an surat Ali Imran ayat 134, Gusti Allah maringi ciri-ciri tiyang ingkang takwa:  

 الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَۚ 
  
Artosipun, "(Wong kang takwa) yaiku wong-wong kang padha nafakahake (bandane) ana ing dalan taat, padha uga waktu angel utawa gampang, lan wong-wong kang padha bisa ngempet muring-muring, lan wong-wong kang padha ngapura (kesalahane) manungsa. Allah ta'ala iku remen marang wong kang padha gawe becik."   

Halaman 1 dari 3
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved