Seputar Islam
Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Penuh Makna Tentang Kesuksesan
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah , Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Jamaah sidang Jumat ingkang minulya
Tiga tandha tiyang kang takwa menika. Pertama, yaiku tiyang kang padha nafkahke bandane ing dalan taat marang Gusti Allah. Ing dalem wektu gampang lan angel. Utawi nalika keadaan seneng utawi susah, piyambake saget tetep istiqamah.
Infak arupi bandha punika saget dados dalan keselamatan lan angsal keistimewaan saking Gusti. Sebab kalebet amal ibadah tulung-tinulung marang liyan. Kanjeng Nabi sampun paring pangandikan:
وَاللّٰهُ فِي عَوْنِ العَبْدِ مَا كَانَ العَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيْهِ
Artosipun, "Gusti Allah iku tetep ing dalem nulungi kawula, selagi ana sapa kawula ku tetep ing dalem nulungi sedulure," (Riwayat Imam Muslim).
Tiyang ingkang takwa, mesti mboten bakal mikirke awake dewe, ananing ugi keluargane, tangga tepalih, ugi dhateng sinten mbutuhke pitulungan, langkung-langkung dhateng tiyang fakir miskin.
Lajeng tandhane tiyang takwa ingkang nomer kalih, inggih punika saget ngempet muring-muring. Nesu utawi muring-muring sejatosipun perkara ingkang manusiawi. Ananging kagem tiyang ingkang takwa, piyambakipun saget ngempet utawi mboten ngumbar, menawi nesu utawi muring-muring.
Menika dipun ibarataken kalian termos, ingkang saget nyimpen utawa ndelikake rasa panas.
Semanten ugi, tiyang ingkang takwa, piyambake saget ndelikake rasa panas utawi anyel. Ugi saget ngedalake rasa panas menika ing wekdal kang pas, kangge perkawis ingkang maslahat, nalika dipun butuhake.
Kamangka, wulan Ramadhan kedahipun saget dados wekdal kangge nglatih amarah kita. Kaitanipun kalian ngendalike amarah. Kanjeng Nabi Saw, nate tanglet dhateng para sahabat, sinten iku petarung sejati.
Sahabat padha jawab, petarung sejati yaiku wong kang iso menang nalika dikeroyok wong akeh. Ananging jawabane saking Kanjeng Nabi:
لَيْسَ ذَلِكَ وَلَكِنَّ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَه عِنْدَ الغَضَبِ
Artosipun, “Ora ngunu kui, nanging petarung sejati yaiku wong kang iso ngatur (ngendalike) ing awake, nalikane nesu.” (Riwayat Imam Muslim).
Tanda ingkang nomer tiga, saking tiyang ingkang takwa yaiku padha ngapura (kesalahane) manungsa. Pramila, ing akhir Ramadhan menika dados wekdal ingkang sahe kangge kita padha nyuwun pangapura marang Gusti Allah lan sapadha.
Sak sampune kita ngresiki awak kita saking dosa, kelawan nindaake ibadah pasa saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sapadha. Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah.
2 Doa untuk Timnas Indonesia agar Menang Lawan Arab Saudi di Kualifikasi Piala Dunia 2026 Ronde 4 |
![]() |
---|
Ayat Alquran Tentang Kebaikan dan Keburukan Sekecil Apa Pun akan Dibalas oleh Allah |
![]() |
---|
Cara Mengakses Buku Tafsir Ayat-ayat Ekologi, Tafsir Ayat Alquran tentang Pelestarian Lingkungan |
![]() |
---|
Materi Khutbah Jumat Bahasa Sunda Edisi 10 Oktober 2025, Khidmat dan Bermakna untuk Referensi |
![]() |
---|
Doa Mohon Ampunan dan Kesembuhan, Teks Arab, Latin dan Terjemahan |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.