Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, 13 Juni 2025 Tema Menyambut Tahun Baru Islam 1 Muharram

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

KHUTBAH JUMAT - Teks khutbah Jumat dalam bahasa Jawa, 13 Juni 2025 dengan tema Menyambut Tahun Baru Islam 1 Muharram

“Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku” (QS. Al Fajr : 27-30).

Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kangmuthmainnah supados  kita  kalebet  golonganipun  kawula  ingkang  pikantuk
karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala..

2. Hijrah kultural.

Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan, kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. 

Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan pakaryan,

Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat kataanstii sudpalaidhoskembbeobtaesnanngboebrrokormeabsri,o, lsaynuksuark sapgientunggugmaalanntiopsunp.enPguadnaiktan kuetdaawhi  akditaat kito dados kabudayan ingkang selaras kaliyan tuntunan agami Islam ingkang leres. 

Amargi ing jaman puniko musuh-musuh islam nyebaraken kebudayaan ingkang mboten wonten tuntunan agami islam lan katah-katahipun umat islam mboten ngraosaken.

3.Hijrah Sosial.

Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana, jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan kados penipuan dateng sedrek piyambak, permusuhan, korupsi lan sak panunggalanipun. 

Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan katah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging tiyang bener arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing manahipun saben saben tiyang Islam sepanjang zaman.

4. Hijrah Material.

Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.

KHUTBAH  II 

  اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ  رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Baca juga: Arti Wa Akhiru Dawana Anil Hamdulillahi Rabbil Alamin, Kalimat Sering Dibaca Sebagai Penutup Doa

Baca juga: Dzikir Saat Galau, Cemas, Sedih, Allahu Rabbi Laa Usyriku Bihi Syaian, Tulisan Arab dan Arti

Baca juga: Arti Fastabiqul Khairat Aina Ma Takunu Yati, Kalimat Motivasi dari Alquran, Contoh dalam Keseharian

Baca berita dan artikel lainnya langsung dari google news

Ikuti dan bergabung di saluran WhatsApp Tribunsumsel

Berita Terkini