TRIBUNSUMSEL.COM- Menyambut 1 Muharram 1447 hijriyah, sampaikan khutbah Jumat yang juga bertema tahun baru Islam menggunakan contoh dalam artikel ini.
Judul Khutbah: " Hijrah Ing Tahun Baru Hijriah "
KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ
Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah
Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula piyambakmangga kita samiya nambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala.
Langkung langkung wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun kumawula dateng Allah. Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah lan kacontokaken dening utusanipun Junjungan kita Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Dawuh dalem Allah Ta’ala :
“Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane” (QS. Al Baqarah218)
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten ing perkawis sekawan .
1. Hijrah mental..
Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju datengnafsul lauwwamah lan nafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :
“Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala” (QS.Yusuf : 53)
Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu..
Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah :
“Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni” (QS. Al Qiyamah : 2) Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :