Seputar Islam

Naskah Khutbah Bertemakan Isra' Miraj 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang Inspiratif, Tersedia PDF

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Naskah Khutbah Bertemakan Isra' Miraj 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang Inspiratif, Tersedia PDF

Nyekseni ketauhidane Gusti Allah, dados dasar kang utama kita sedaya, bakal mlebu swarga napa mboten. Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh wonten ing hadist sanese:

مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَعْلَمُ أَنْ لَا إِلهَ إلَّا الله دَخَلَ اْلجَنَّةَ

Artosipun: “Sapa wonge kang mati, kanthi ngerteni (nyekseni) bilih mboten wonten Pangeran kejaba namung Gusti Allah, mangka wonge iku bakal mlebu swarga” (HR. Muslim)

Awit saking pentinge kalimat tahlil menika, mangka kita dipun anjurake supaya ngathah-ngathahi maos dzikir tahlil.

Para jamaah ingkang minulya

Amalan ingkang kaping kalih, yaiku ngadegaké shalat. Kanjeng Nabi saw paring dhawuh:

مِفْتَاحُ اْلجَنَّةِ اَلصّلَاةُ

Artosipun: ”Kuncine (mlebet) surga yaiku ngadegaké shalat” (saking Jabir bin Abdillah ra).

Shalat iku dadi kunci kang utama sakbibare maos syahadat. Dr. Muhammad Taqiyuddin Al-Hilali As-Subki maringi keterangan kaitanipun hubungan shalat kalian syahadat kados mekaten:

وَالصَّلَاةُ وَبَقِيَّةُ اْلاَرْكَانِ اَسْنَانُهُ الَّتِيْ لاَ يَحْصُلُ اْلفَتْحُ اِلَّا بِهَا

Artosipun: ”Shalat dan saben-saben rukune, kaya dene 'gigi kunci', kang dadi jalaran kebuka (lawang surga).”

Kanjeng Nabi saw ugi sampun maringi keterangan, kaitanipun shalat kalian keselametane manungsa nalika ana ing dina Kiamat. Sebab shalat, bakal dadi amalan pertama kang dihisab.

أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ عَلَيْهِ اْلعَبْدُ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ اَلصَّلَاةُ، فَإِنْ صَلَحَتْ صَلَحَ سَائِرُ عَمَلِهِ وَإنْ فَسَدَتْ فَسَدَ سَائِرُ عَمَلِهِ

Artosipun: “Amal pertama kang bakal dihisab ing dina Kiamat yaiku shalat. Lamun shalate apik, mangka bakal apik kabeh amale. Lan lamun shalate rusak, mangka bakal rusak kabeh amale.” (HR. at-Thabrani).

Jamaah Jumat hafidhakumullah,

Halaman
123

Berita Terkini