Seputar Islam

Naskah Khutbah Jumat Tentang Haji dalam Bahasa Jawa edisi 25 April 2025, Khidmat dan Tersedia PDF

Berikut akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat Tentang Haji edisi 25 April 2025 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna untuk dibagikan pa

TRIBUNSUMSEL.COM
ILUSTRASI TULISAN KHUTBAH JUMAT - Inilah Naskah Khutbah Jumat Tentang Haji dalam Bahasa Jawa edisi 25 April 2025, Khidmat dan Tersedia PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat Tentang Haji edisi 25 April 2025 dalam Bahasa Jawa yang khidmat dan penuh makna untuk dibagikan pada Jamaah Sholat Jumat. Tersedia juga dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.

  • Unduh PDF Naskah Khutbah Jumat Tentang Haji [Disini:]

======

Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Kewajiban Ninda’ake Ibadah Haji  ing Tanah Suci"

Khutbah I

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ . أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ .و قَالَ ايضا  يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Wonten ing dinten Jumat kebak berkah meniko, sumonggo kito tingkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ninda’aken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi. 

Takwo meniko saget ngangkat derajate menungso wonten ngersanipun Gusti Allah lan bakal pikantuk kabegjan ugi selamet dunyo akherat. Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, sahabat ingkang sampun paring kito tuntunan akhlak mulyo, amal kesaenan lan njungkung ibadah, hinggo gemeter atine. 

Gusti Allah dawuh:

 إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ 

Artosipun: "Saktemene wong mukmin iku wong kang nalikane iling marang Gusti Allah, mongko atine gemeter, lan nalikane ayat Al-Quran diwaosake, mongko soyo mundak imane, lan mundak tawakkal marang Gusti Allah" (Al-Anfal: 2) 

Ayat meniko wonten tafsir Al-Misbah dipun jelasaken bilih tiyang ingkang estu iman marang Gusti Allah niku atine sering dipun kebaki roso ajrih lan taat marang Gusti Allah. Nalikane asmane Gusti Allah dipun sebut, mongko atine gemeter, lan nalikane ayat Al-Quran dipun waosaken, mongko mundak semangat anggenipun ibadah marang Gusti Allah. 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Sakmangke katah jamaah haji ingkang sami kundur lan mbeto rerubo kesaenan saking Tanah Suci. Sedoyo sami ngajeng-ngajeng pikantuk gelar haji mabrur, haji ingkang ketompo amal ibadahe kaliyan Allah lan ndadosake semangat anggenipun ibadah. Meniko hadis ingkang njelasaken kautamaane haji mabrur:

أَيُّ الْأَعْمَالِ أَفْضَلُ؟ قَالَ إِيمَانٌ بِاللهِ وَرَسُولِهِ قِيلَ ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ ثُمَّ الْجِهَادُ فِي سَبِيلِ اللهِ قِيلَ لَهُ ثُمَّ مَاذَا؟ قَالَ ثُمَّ حَجٌّ مَبْرُورٌ   

Artosipun: "Pundi amalan paling utomo? Kanjeng Nabi Muhammad jawab: Iman marang Gusti Allah dan rasul. Lajeng nopo?, tanglet setunggale Sohabat. Jihad ing dalane Gusti Allah, jawab Rasulullah. Lajeng nopo maleh?, tanglet sohabat. Haji mabrur, jawab Rasulullah" (HR Bukhari dan Muslim) 

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved