Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Puasa Ramadhan Edisi 7 Maret 2025, Penuh Khidmat

Hadirin sidang jum’ah rohimakumullah. Wonten ing kasempatan menika, kula paring wasiat dateng diri kula piyambak khususipun, lan dumateng panjenengan

Tribunsumsel.com
TEKS KHUTBAH JUMAT - Ilustrasi masjid berwarna putih tempat ibadah umat muslim. Inilah Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Puasa Ramadhan Edisi 7 Maret 2025, Penuh Khidmat. 

“Pasa iku minangka tameng / pelindung,  lan nalika nandang pasa ing antarane sliramu kabeh, mangka aja pada rofats (berhubungan intim), lan aja padagomomg kasar. bahkan lamunto ana wong kang ngolok-ngolok utawa nyerang sliramu, mangka kondoho yen setuhune aku iki lagi pasa”

Hadirin sidang jum’ah rohimakumulloh

Saking hadits menika saget kita pendet pelajaran, bilih pasa menika minangka dados pelindung  / tameng  kagem  tiyang engkang nglampahi, tameng wonteng ing dunyo ugi tameng wonten ing akhirot. Wonteng ing dunya, pasa saget namengi wong kang pasa saking godaane syahwat, nafsu angkoro murko, ugi tindak engkang boten sae lintunipun. lan wonten ing akhirot, wong kang pasa haram nyemplung neraka.

Pasa dalam konteks meniko kagungan 3 manfaat sekaligus, inggih menika : manfaat secara mental spiritual, manfaat secara sosial lan manfaat secara kesehatan .

Manfaat secara mental spiritual.

pasa muput sakjerone wulan Ramadhan menika saget ndadosaken mental kita dados kiat, sabar, tambah bersyukur, mampu meper howo nafsu, nyegah maksiat, lan iso mbusek doso. 
Malah ninda’ken pasa kanthi ikhlas soho disiplin saget dadosaken sikap lan karekter diri mukmin engkang disiplin lan tangguh, lan sifat-sifat menika sedoyo minongko dados pertondone  tiyang-tiyang  engkang taqwa. Taqwa menika posisi engkang saestu mulya sanget menggahipun gusti Allah, malah taqwa meniko dados tujuan utama saking syariat pasa Ramadhan.

Manfaat secara sosial.

Pasa Ramadhan menika biasa’aken kita gesang kanthi tertib, disiplin, rukun, damai, gotong royong lan bersatu padu. Pasa ugi biasa’aken kita demen marang keadilan, kesetaraan antara siji lan sijine: antara  sing sugih lan sing miskin, antara pejabat lan rakyat, antar pengusaha lan karyawane, antara sing sepuh lan sing anom, lan sakteruse. Ora ana perbedaan ing antara siji lan sijine; sedoyo kagungan kewajiban pasa. 

Bahkan kanthi ninda’ake pasa iso nuwuhake raos saling asih ing antarane umate kanjeng nabi Muhammad SAW, saling peduli, saling mat sinamatan, lan sak terusipun. Pancen kanthi ngelakoni pasa  Ramadhan iku, lawange  doso  lan maksiat dadi  tertutup rapat. 

Kanthi lantaran pasa Ramadhan, kehidupan masyarakat dadi tambah akrab, saling asih, gotong royong, lan tinebihaken saking penyakit sosial. Kondusifitas masyarakat terwujud.

Manfaat secara kesehatan

Secara kesehatan, tiyang engkang ninda’aken pasa niku badane dados sehat wal afiat: kanthi nglakoni pasa iso ngresiki usus lan pencernaan, weteng dadi akeh istirahat sing sakdurunge ora tahu mendeg giling panganan, ngresiki lemak lan kolesterol sing dadi sumbere pira-pira penyakit. 

Saat pasa, saktemene awak iki lagi proses “detoksifikasi” yoiku proses buang zat-zat / racun sing wis ora dibutuhne awak.  Saat pasa, awak iki uga lagi nedeng-nedenge proses “regenerasi” (pembaharuan sel), sahinggo sel-sel kang mati akhire dibuang banjur diganti kelawan sel-sel kang anyar kang apik. Sahinggo wong kang bar nglakoni  pasa sak wulan muput, badane podo dadi sehat kabeh. koyo dawuhe kanjeng Nabi Muhammad SAW : “shuumuu  tashihhuu” (podo pasaho siro kabeh, mongko podo dadi sehat).

Hadirin Sidang Jumah Rohimakumulloh

Pramilo saking meniko, mangga wulan Ramadhan niki kita dadosaken sebagai benteng spiritual, benteng sosial, lan benteng kesehatan, hinggo akhiripun gesang kita mugi dados gesang engkang sehat wal afiat, wilujeng dunyo, wilujeng akhirat. aamiin

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved