Seputar Islam
Teks Khutbah Jumat Isra Miraj Bahasa Jawa Edisi 24 Januari 2025, Khidmat dan Berkesan, Tersedia PDF
Berikut akan disajikan Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa tema Isra Miraj 1446H/2025 Penuh Makna dan Berkesan untuk dibagikan pada sesama muslim. Tersedia
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Setaun iku ana rolas sasi, kang patang sasi iku sasi mulya, kang telu iku gegandengan yaiku sasi Dzul Qa’dah, Dzul Hijjah, lan Muharram, kaping papat yaiku sasi Rajabe Qabilah Mudhor yaiku sasi kang ana ing antarane Jumada lan sasi Sya’ban.
Hadirin rahimakumullah
Lan antawis bukti kamulyanipun wulan Rajab malih inggih punika dumadinepun pristiwa agung engkang dipun daeuhaken langsung dening Allah SWT wonten ing ayat Al-Qur’an, inggih punika kedadosanipun Israk lan Mi’raj ipun Nabi Muhammad SAW. kados ingkang dipun dawuhaken dening Imam Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Nurudh Dholam:
الْمَشْهُوْرُ كَانَ ذَلِكَ لَيْلَةَ الْاِثْنَيْنِ لَيْلَةَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ شَهْرِ رَجَبَ قَبْلَ الْهِجْرَةِ بِسَنَةٍ
Miturut panemu kang kuncara, Israk Mi’raj dumadi ono ing wengi Senen, wengi kaping pitulikur sasi Rajab setahun sadurunge Hijrahe Nabi.
Lan kedadosan agung menika minangka proses mandapipun syariat shalat gangsal wekdal kagem kita sedaya, sahingga wonten sasi Rajab punika ugi minangka wulan mandapipun syariat shalat gangsal wekdal. Mila kamulyane wulan Rajab punika mboten saget dipun pungkiri.
Hadirin rahimakumullah.
Wonten ing sadaya tatanan syariat Islam mliginipun ingkang gegayutan kaliyan ubudiyah kadosta shalat, zakat, pasa, haji lan sanes-sanesipun badhe kaleksanan kanthi sampurna menawi sampun kaleksanan kalih unsur inggih menika unsur dhahir saha unsur batin utawi ugi dipunsebat unsur syariat lan haqiqat, kalebet ing pemahaman Isra’ Mi’raj ugi mekaten, bade pikantuk pangerten ingkang sampurna mebawi sampun ngeliwati lorokelih unsur menika. Mila Syekh ‘Ali Al-Qari Al-Harawi Al-Makki dawuh :
كَانَ لِرَسُوْلِ اللهِ ( مِعْرَاجَانِ : مِعْرَاجٌ فِيْ عَالَمِ الْحِسِّ مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى ثُمَّ إِلَى عَالَمِ الْمَلَكُوْتِ وَمَحَلِّ الْمَلَأِ الْأَعْلَى ، ومِعْرَاجٌ فِيْ عَالَمِ الْأَرْوَاحِ مِنَ الشَّهَادَةِ إِلَى الْغَيْبِ وَمِنَ الْغَيْبِ إِلَى غَيْبِ الْغَيْبِ ، فَلَمَّا أَرَادَ أَنْ يَرْجِعَ قَالَ الرَّبُّ تَبَارَكَ وتَعَالَى : «الْمُسَافِرُ إذا عَادَ إِلَى وَطَنِهِ أَتْحَفَ أَصْحَابَهُ وَإِنَّ تُحْفَةَ أُمَّتِكَ الصَّلَاةُ الْجَامِعَةُ بَيْنَ الْمِعْرَاجَيْنِ الْجَسْمَانِيُّ بِالآدَابِ وَاْلأَفْعَالِ، والرُّوْحَانِيُّ بِالْأَذْكَارِ وَالْأَحْوَالِ» ، وِلِهذَا وَرَدَ: «الصَّلاةُ مِعْرَاجُ الْمُؤْمِنِ» اهـ مرقاة المفاتيح1/ 108
Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallama iku ngalami loro pristiwa Isra’ Mi’raj bebarengan, sing pisanan yaiku Isra’ Mi’raj fisik ono ing donya katon iku, yaiku perjalanan saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsha banjur munggah menyang alam Malakut lan alam Malail A’la.
Kapindho Isra’ Mi’raj ruhani ono ing alam roh, yaiku lelampahan rohe Nabi saka alam Shahadah (alam kasat mata) menyang alam Ghaib (alam kahuripan), banjur nerusake menyang alam kang maha ghaib. Banjur sawise Kanjeng Nabi arep bali Allah dawuh:
“Wong sing lelungan, nalika bali dheweke bakal nggawa hadiah kanggo kanca-kancane, lan hadiah sampeyan kanggo umat sampeyan yaiku shalat sing nggabungake rong Mi’raj bebarengan, yaiku Mi’raj fisik yaiku karo adab lan obahe awak (Sholat Syariat) lan Mi’raj Ruhani yaiku karo Dzikir lan Solah bawa (Solat Hakikat). mila ono ing salah sijine dalil didawuhne yen “Shalat iku dadi Mi’raje wong mukmin”.
Hadirin rahimakumullah
Lelampahan spiritual menikalah ingkang ndugekaken Rasulullah SAW. madhep dateng ngersanipun Dzat ingkang kang Maha Dhohir lan Maha Bathin, Dzat ingkang mboten winates ing arah lan papan panggenanipun, ing akhiripun Kanjeng Nabi kondur mawi ngasto cinderamata, inggih menika shalat syariat gansal wekdal ingkang ugi ngandhut kalih unsur Dhahir lan Bathin, malah wonten ing unsur Batin ingkang nemtokaken ajinipun shalat kita wonten ngersanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Kanjeng Nabi SAW. dawuh :
«إِنَّ الْعَبْدَ لَيُصَلِّيْ الصَّلاةَ لَا يكْتَبُ لَهُ سُدُسُهَا وَلا عُشْرُهَا وَإِنَّمَا يُكْتَبُ لِلْعَبْدِ مِنْ صَلاتِهِ مَا عَقَلَ مِنْهَا» اهـ إحياء علوم الدين1/ 147
Khutbah Jumat Isra Miraj Bahasa Jawa
Text Khutbah Jumat Isra Miraj
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Bacaan Khutbah Jumat Isra Miraj
Teks Khutbah Jumat Terbaru
Tribunsumsel.com
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Sholawat Burdah Lengkap 10 Pasal dalam Tulisan Arab, Latin dan Terjemahannya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Sebelum dan Sesudah Bekerja Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Doa Sujud Sahwi Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Terjemahan Indonesia |
![]() |
---|
Jadwal Puasa Ayyamul Bidh Bulan Agustus 2025 - Safar 1447 H Beserta Bacaan Niatnya |
![]() |
---|
Lafal Doa Sebelum dan Sesudah Baca Surat Yasin Malam Jumat, Lengkap Mudah Diamalkan |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.