Seputar Islam

Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 27 September 2024, Singkat dan Penuh Khidmat

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, kelawan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi

TRIBUNSUMSEL.COM
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 27 September 2024, Singkat dan Penuh Khidmat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 27 September 2024 yang singkat dan penuh khidmat untuk dibagikan kepada sesama umat muslim.

_____

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA

"Ngedohi Duso Dzohir lan Batin"

Khutbah I:
 
 الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ الإِنْسَانَ مِنْ طِينٍ وَأَمَرَهُ بِالتَّعْمِيرِ فِي الْأَرْضِ لا إلَهَ إِلَّا هُوَ لَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ يُحي وَيُمِيتُ وَاَسْتَغْفِرُهُ. وَاشْهَدُ اَنْ لا إله إِلَّا اللهُ وَاشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ  . اَللَّهُمَّ صَلَّ وَسَلّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ ومن تبعهم الى يوم الدين

امَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا المُسلِمُونَ. اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى  ولا تموتن الا وانتم مسلمون . قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ : أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ :  يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ . صَدَقَ اللهُ العظيم

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, kelawan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun, sehinggo kito saget pikantuk rohmat lan maghfiroh saking Gusti Allah. Kulo ngajak dumateng kulo piyambak, ugi dateng panjenengan sedoyo supados sami-sami ajrih marang Gusti Allah anggenipun ngelampahi maksiat, nopo maleh ing wulan Ramadhan.

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun nuduhaken marang kito ingkang asale wonten ing dalan pepeteng tumuju dalan ingkang padang, nggih meniko Islam. Ugi, sedoyo umat Islam sami ngajeng-ngajeng syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad.

Sebab, menungso gesang wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking tumindak maksiyat, amargi menungso sampun dipun titahaken kaliyan Gusti Allah dados makhluk ingkang nggadah luput, ino, lemah. Sinaoso mekaten, ikhtiar nebihi perkawis ingkang nyebabi duso kedah estu dilaksanakaken.

Gusti Allah sampun dawuh:

وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ

Artosipun: Lan pada tinggalno sakabehane tindakan duso, ingkang dzohir lan batin. Saktemene wong kang ninda’ake tumindak duso, niku sesok wonten dinten kiyamat bakal pikantuk walesan sebab tindakan duso ingkang dipun lampahi  (surah al An’am 120)

Dawuhipun Gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatine duso ingkang dumawah dateng manungso wonten kalih. Kekalihipun sami bahayani lan wajib ditebihi. Inggih meniko: dusa dzohir ingkang ketingal lan duso batin ingkang mboten ketingal. Kekalihipun kedah dipun tebihi.

Hadirin Ingkang Sami Minulyo

Kedah kito pahami bilih maksudipun duso dzohir meniko tegese duso ingkang ketingal mripat, wujude jelas, saget dipun pirsane kaliyan peningal utawi dipun mirengaken kaliyan kuping. Contohe, omben-omben ingkang mendemi, ngelampahi judi, zina, misuhi  lan sak pitunggalane.

Lajeng maksude duso batin meniko duso ingkang wujude mboten ketingal mripat, kados sombong, ujub, riya, ghibah, adu-adu, iri, dengki lan sedoyo kemaksiatan ingkang wonten lebete ati ingkang samar, mboten saget dipun tingali mripat. 

Halaman
123
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved