Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 27 September 2024, Singkat dan Penuh Khidmat
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah, Monggo kito sami ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, kelawan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Tindakan ingkang nukulaken duso meniko kedah dipun tebihi, dipun resiki, sebab saget ngalangi rejeki lan keberkahane sinten kimawon. Kanjeng Nabi dawuh:
إِنَّ الْعَبْدَ لَيُحْرَمُ الرِّزْقَ بِالذَّنْبِ يُصِيبُهُ
Artosipun: Saktemene kawulo iku kinalingan rejekine sebab duso ingkang dipun lampahi (HR Ahmad)
Tegese duso ingkang numpuk wonten awak dewe niku kedah dipun resiki kaliyan maos istighfar, taubat, lan janji mboten ngulangi maleh, sebab duso niku saget nyebabaken rejeki mampet, seret.
Hadirin ingkang sami bahagio
Kito gesang ing dunyo meniko, sadar bilih tasih katah sederek kito ingkang dereng saget mareni perkawis maksiat. Bahkan ingkang pertelo sanget, katah sederek ingkang tasih numpuk duso batin kados takabbur, rasan-rasan, pamer, omong goroh, lan iri dengki.
Leres sanget menawi poro ulama sami ndawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kita tebihi ketimbang dusa dzohir. Sinaoso mekaten kekalihipun penting sanget dipun resiki, duso alit utawi ageng kedah dipun bersihaken. Kito kedah imut kaliyan dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad:
أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ
Artosipun: Weruho siro kabeh sak temene ono ing jerone jasad iku ono getih sak kempel, naliko getih iku bagus, mongko bakal bagus sekabehe jasad, naliko getih itu olo mongko dadi olo sekabehe jasad. Ngertiyo bilih getih sak kempel iku ingkang di arani ati.
Hadis meniko mertelaaken bilih ingkang ndadosaken tiyang sae utawi rusak meniko asale saking ati ingkang ketutup kaliyan tindak lampah maksiyat utawi duso. Naliko ati rusak, otomatis jasad nggih inggal rusak.
Estu kito kedah cancut taliwondo ngresiki duso awit saur ngantos buko, daharan, lelampahan, ugi guneman kedah dipun jogo. Ampun ngantos kito remen numpuk duso batin utawi dusone ati, sebab duso ing jerone ati niku alus lan samar, sehinggo katah ingkang kejlumprung ing jurang neroko sebab duso batin.
Monggo kito sami nyuwun marang Gusti Allah saget dipun paringi keajegan ngelampahi amal kesaenan, remen nderes al-Quran, lan ngedohi duso dzohir lan duso batin supados pagesangan kito saget resik, ikhlas lan kito kalebet tiyang ingkang mlebet suargo tanpo hisab.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ الآيَات وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ
Khutbah II:
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
Lengkap Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Isi Teks Khutbah Jumat
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Tribunsumsel.com
Bacaan Latin Arab Dzikir Ratib Al-Attas, Keutamaan, Manfaat dan Cara Mengamalkannya |
![]() |
---|
Doa Afiyah Rasulullah Pagi dan Petang, Allahumma Inni As Aluka Afiyah, Mengandung 10 Kebaikan |
![]() |
---|
Doa ketika Disalahkan, Dicurangi hingga Difitnah, Wakafa Billahi Syahida, Cukuplah Allah Jadi Saksi |
![]() |
---|
Doa Sebelum Mulai Sidang Skripsi, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya, Amalkan Agar Tidak Gugup |
![]() |
---|
Arti Doa Marhaban Bi Habibi Wa Qurrotul Aini Muhammad Ibni Abdillah, dan Khasiatnya |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.