Seputar Islam
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Bahaya Narkoba dan Judi Online, Edisi 2 Agustus 2024
Berikut ini sajian Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang Bahayanya Narkoba dan Judi Online dalam Kehidupan, edisi 2 Agustus 2024, singkat dan penuh makna
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Artosipun, ”Hei, wong kang padha iman, saktemene (ngombe) arak, judi, (korban kanggo) berhala, ngundi nasib nganggo panah, iku kabeh namung kotor kang timbul saking ajakane syaitan. Mula, padha ngadohana sira ing perkara-perkara iku mau, supaya sira kabeh entuk kabegjan.” (QS Al-Ma’idah: 90).
Ayat menika, senajan mboten nyebutaken narkotika utawi obat-obatan ingkang gadah sifat bebayani, saget kalebet ing kelompok khamr, tegesipun gadahi dzat kang iso gawe mabok utawi ilange akal.
Malahan, bebayaning narkoba menika, wonten ingkang mastani langkung ageng tinimbang arak.
Narkoba menika, ugi gadahi efek negatif kang saget ngrusak awak lan pikiran.
Menika dados salah setunggale sebab dipun haramake narkotika. Kanjeng Nabi Muhammad saw dhawuh:
عنْ أَبِيْ سَعِيْدٍ سَعْدِ بنِ مَالِكٍ بْنِ سِنَانٍ الخُدْرِيِّ رضي الله عنه أَنَّ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: لاَ ضَرَرَ وَلاَ ضِرَارَ
Artosipun, "Saking Abu Said, Sa’ad bin Malik bin Sinan Al Khudri ra, bilih Rasulullah saw dhawuh: Aja tumindak kang bisa nyilakani awakmu déwé lan bisa nyilakakake wong liya." (HR Ibnu Majah).
Sidang Jumat ingkang minulya Kaping kalih, saking ayat Surat Al Maidah ayat 90 menika nerangaken bebayaning totohan utawi judi. Judi menika perkawis awon ingkang sampun wonten nalika zaman para nabi.
Judi dipun haramake, sebab saget ndadosaken rugi utawi bangkrut, arupi ilange bandha. Langkung-langkung menawi sampun kecanduan judi, mboten namung bandha ingkang telas, ananging ugi saget ilang akal sehate.
Ingkang kedah dados kawigatosan kita sedaya, judi menika ugi nyesuaike ing zaman. Tegese sak niki kathah sanget bebayaning judi, ingkang awujud online utawi saget dipun akses kalian putra-putri kita.
Menika lah, sampun dados kewajiban kita sedaya kangge jaga kita saha keluarga kita, supados mboten melu kabujuk lakune syaitan.
Gusti Allah sampun paring dhawuh:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ
Artosipun, "Hai, wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha ngreksaha awak-awak lan keluarga ira kabeh saking geni neraka. Kang empan-empane neraka kui, rupa manungsa kafir lan watu. Kang neraka kui dijaga malaikat-malaikat kang kasar tur keras tindakane, kang malaikat-malaikat mau ora nyulayani Allah ta'ala, tumerap apa kang den perintahake dening Allah ta'ala marang deweke." (QS At-Tahrim: 6).
Para sedherek ingkang minulya Minangka panutuping atur kula, mangga kita sesarengan nyuwun ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwaos, Mugi-mugi kita dipun paringi teguh lan sabar anindaaken dhawuh-dhawuhing agami.
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Lengkap Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bahaya Narkoba
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Teks Khutbah Jumat Menyentuh Hati
Tribunsumsel.com
| Keistimewaan dan Amalan Sunnah di Bulan Jumadil Awal Perbanyak Berbuat Baik Persiapan Menuju Ramadan |
|
|---|
| Enam Peristiwa Bersejarah di Bulan Jumadil Akhir, Berikut Amalan Terbaik yang Dapat Dilakukan |
|
|---|
| Jadwal Puasa Ayyamul Bidh Bulan Desember 2025 Lengkap dengan Panduan dan Jadwal Puasa Sunnah Lainnya |
|
|---|
| 1 Jumadil Akhir 1447 H Jatuh pada 22 November 2025, Lengkap Kalender Hijriyah November-Desember |
|
|---|
| Materi Khutbah Jumat Jumadil Akhir Edisi 21 November 2025, Penuh Khidmat dan Makna untuk Dibagikan |
|
|---|
