Seputar Islam
Isi Naskah Khutbah Jumat Bulan Dzulqadah dalam Bahasa Jawa, Menyentuh dan Penuh Makna, Ada LINK PDF
Berikut ini akan akan disajikan contoh Naskah Khutbah Jumat edisi bulan Dzulqadah, 24 Mei 2024/1445 H dalam Bahasa Jawa yang menyentuh hati dan penuh
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Kito kedah nyontoh salah setunggale sifat lan karakter Kanjeng Nabi Muhammad nggih puniko sifat welas, lemah lembut dumateng sinten kimawon.
Dipun riwayataken dining sahabat Abu Hurairah bilih setunggal wekdal Kanjeng Nabi Muhammad nembe lenggah sareng poro sohabatipun, lajeng wonten tiyang badui mlebet:
قَامَ أَعْرَابِيٌّ فَبَالَ فِي الْمَسْجِدِ فَتَنَاوَلَهُ النَّاسُ فَقَالَ لَهُمْ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ دَعُوهُ وَهَرِيقُوا عَلَى بَوْلِهِ سَجْلًا مِنْ مَاءٍ أَوْ ذَنُوبًا مِنْ مَاءٍ فَإِنَّمَا بُعِثْتُمْ مُيَسِّرِينَ وَلَمْ تُبْعَثُوا مُعَسِّرِينَ
Artosipun: Wonten setunggale tiyang saking suku badui mlebet masjid, lajeng pipis wonten lebet masjid. Ningali kahanan meniko poro sohabat kraos kesel lan duko dumateng tiyang kasebat kanti ucapan ingkang keras. Ananging Kanjeng Nabi dawuh: ninggalo siro kabeh lan nyiramo siro kabeh marang uyuhe badui saking banyu timbo, sebab siro kabeh diperintah ngajar/ dakwah kanti gampang, ora nyusahno. (HR. Bukhari)
Wonten syarah hadis dipun jelasaken Kanjeng Nabi ngelarang poro sohabat, malah perintah ngejaraken tiyang badui supados ngerampungaken hajatipun niku tujuane lit ta’lim, nyinaui marang poro sohabat nalikane ngemong umat, amergi poro sohabat niku diperintah ngajari umat kanti gampang, mboten malah mbentak, lan ngangelno.
Kanjeng Nabi akhire manggihi tiyang badui kolowau kanti welas, mboten duko lan mboten maidu. Kanjeng Nabi Muhammad paring nasehat kanti lemah lembut: Saktemene masjid iki ora pantes digawe mbuang barang najis, masjid dibangun dadi panggonan dzikir marang Gusti Allah, shalat, lan maca Al Qur’an.
Ningali sikape Rasulullah ingkang lembut lan alus ingdalem pitutur lan nasehat, tiyang badui kolo wau langsung trisno lan manut marang dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad, lan mboten mbantah babar pisan.
Hadirin Jamaah Jumat Ingkang Bahagio
Mundut saking kisah meniko jelas sanget bilih sifat lemah lembut ingkang dipun contohaken Kanjeng Nabi Muhammad niku dados sifat lan sikap ingkang kedah kita lampahi.
Sampun leres tumrape muslim pepahesan kaliyan sifat ingkang mulio meniko, sebab sifat lembut meniko kalebet sifat-sifat ingkang dicintai dening Allah.
Pramilo, Kanjeng Nabi Muhammad nate dawuh dumateng ‘Aisyah:
إِنَّ اللَّهَ رَفِيقٌ يُحِبُّ الرِّفْقَ فِي الأَمْرِ كُلِّهِ
Artosipun: Saktemene Gusti Allah inggih iku Dzat Moho Lembut ingkang demen marang kelembutan ingdalem sedoyo perkawis.
Mugi-mugi kito sedoyo termasuk tiyang ingkang nggadah sifat lan sikap lemah lembut dumateng tiyang lintu, sehinggo saget dakwah kanti sifat alus lan gampang dipun tompo masyarakat. Amin ya rabb alamin
أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ ، ادْعُ إِلِى سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ وَجَادِلْهُم بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ
Naskah Khutbah Jumat Terbaru
PDF Naskah Khutbah Jumat Terbaru
Teks Khutbah Jumat Menyentuh Hati
Kumpulan Teks Khutbah Jumat Tahun 2024
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru
Kumpulan Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Tribunsumsel.com
| Kisah Mush'ab bin Umair, Pemuda di Masa Rasulullah, Rela Menukar Kenyamanan Dunia dengan Keimanan |
|
|---|
| Contoh Teks Doa untuk Peringatan Upacara Hari Sumpah Pemuda 2025 Penuh Khidmat Buat Generasi Muda |
|
|---|
| Kumpulan Doa Pendek Amalan Sehari-hari, Saat Kesulitan, Hati Sedih, Bosan, Takut Hingga Putus Asa |
|
|---|
| Hadits Lihatlah Orang di Bawahmu dalam Masalah Harta dan Dunia, Lihatlah di Atasmu untuk Akhirat |
|
|---|
| Manfaat Doa Bismillahi Syafi Bismillahil Kafi Bismillahi Muafi Bismillahillazi la Yadurru Maas Mihi |
|
|---|

Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.