Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Singkat 12 April 2024 Bahasa Jawa Tema Bulan Syawal, Tersedia File PDF

Artikel ini berisi teks khutbah Jumat singkat 12 April 2024 bertema bulan Syawal, dilengkapi dengan file PDF.

Tribun Sumsel
Teks Khutbah Jumat Singkat 12 April 2024 Bahasa Jawa Tema Bulan Syawal, Tersedia File PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM- Sampaikan khutbah Jumat yang singkat dan menyentuh hati menggunakan contoh teks dalam artikel ini.

Bagi Anda yang membutuhkan, berikut teks hutbah Jumat singkat dalam bahasa Jawa, edisi 12 April 2024 bertema bulan Syawal berikut teks khutbah berjudul "Ningkateken Amal Kesaenan ing Wulan Syawal".

(KHUTBAH I)

اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ

أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkataken iman lan taqwa dumateng Gusti Allah, inggih punika kanti nindakaken perintahe Gusti Allah lan nilar soho nebihi sedoyo awisanipun. Saking meniko, Insya Allah kito saget pikantuk kabegjan dunyo akhirat. Gusti Allah dawuh:

يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Artosipun: Hei wongkang podo Iman, podo taqwoho siro kabeh dumateng Gusti Allah kelawan taqwo kang sejati, lan siro kabeh ojo nganti mati kejobo netepi islam

Sakmangken kito sampun mlebet wulan Syawal lan sami ngrayaaken Idul Fitri. Dinten meniko kito sedoyo sami ngucapaken taqabballah minna wa minkum taqabbal ya karim, dungo dinungo, nyuwun pengapuro. Haq adami kito lebur lan ndedungo supados sedoyo amal ibadah dipun tampi Gusti Allah.

Hadirin Ingkang minulyo

Wulan Syawal mungguhe Imam Ibn Allan al-Syafi’i ing kitab Dalilul Falihin dipun jelasake bilih nami wulan Syawal meniko dipundut saking kalimat Syaalat al-ibil, artosipun unto kang ngangkat buntute.

Lajeng mungguhe Ibn Manzur ing kitab Lisanul Arab artosipun unto babon kang ngangkat buntute. Meniko ugi dados pertondo tiyang-tiyang Arab sami nggantungaken alat-alat perang, keranten sampun parek kaliyan wulan larangan kangge perang (wulan Dzul qa’dah lan Dzul hijjah).

Keranten meniko sampun dados tradisi tiyang Arab, menawi sampun mlebet wulan Syawal mareki wulan-wulan haram, tiyang Arab mboten purun perang utawi gencatan senjata. Sedoyo sami nyalap senjatane kranten luweh milih njungkung ibadah marang Allah ketimbang perang.

Milo saking meniko, wonten wulan Syawal monggo kito nindaaken lan istiqomah njagi ibadah lan amal sholih, ampun putus asa, ananging kedah dipun tambahi amal kesaenan supados mundak-mundak berkahipun.

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved