Seputar Islam
Teks Khutbah Jumat Singkat 12 April 2024 Bahasa Jawa Tema Bulan Syawal, Tersedia File PDF
Artikel ini berisi teks khutbah Jumat singkat 12 April 2024 bertema bulan Syawal, dilengkapi dengan file PDF.
Setunggale hadits ingkang nyebutaken keistimewaane ngelampahi amal kesaenan arupi poso wulan Syawal nggih meniko:
مَنْ صَامَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ بِسِتٍّ مِنْ شوال كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ
Artosipun: Sinten mawon ingkang sampun mantun nindaaken poso Ramadhan, lajeng dipun terusaken poso 6 dino ing wulan syawal, mongko tiyang niku angsal ganjaran kados tiyang ingkang poso selami setunggal tahun. (HR Muslim).
Jumhur ulama sampun nerangaken, bilih poso sunnah Syawal meniko sae sanget dipun lampahi 6 dino kanti lumintu ba’danipun riyoyo Idul Fitri, utawi diwiwiti tanggal 2 Syawal.
Menawi mboten saget dilaksanaaken kanti urut, mongko saget dilaksanaaken dinten sanesipun. Intine tetep dilaksanaaken wonten lebetipun wulan syawal. Saget mboten urut, ananging kedah genep 6 dinten ing wulan Syawal.
Kedah kito mangertosi bilih wulan Syawal meniko ugi sae sanget kangge ningkataken tali silaturahim kados dene nyambung sedulur, tetanggi ingkang dangu mboten kepanggih. Lelampahan meniko nderek dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
Artosipun: Sinten kimawon ingkang ngersaaken dipun jembaraken rizkinipun lan didawakno umure, mongko cepet-cepet ngelampahi silaturahim.
Imam an-Nawawi dawuh wonten Kitab Syarh Shahih Muslim bilih maksude “dijembaraken rizki” inggih meniko rizki dados jembar lan tambah katah, tambah berkah, sinaoso secoro dzohir, rizki dereng mesti nambah, ananging secoro batin, rizkine katah berkah, lan saget dadosaken gesang bungah, tentrem lan bahagio
Hadirin, wonten pungkasan khutbah meniko, monggo wulan Syawal meniko kito damel kangge ningkataken ibadah lan amal sholih. Shalat wajib dipun sempurnakaken, lajeng shalat sunnahipun dipun katahake lan shalat jamaahipun dipun jagi sareng-sareng.
Ampun kesupen majlis taklim dipun rameaken, masjid, langgar lan mushala dipun makmuraken. Al-Quran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang wonten dunyo.
جَعَلَنَا اللهُ وَإيَّاكُم مِنَ العَائِدِيْنَ وَالفَائِزِيْنَ وَالمَقْبُوْلِيْنَ كُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الاَبْتَر ُ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
(KHUTBAH II)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرْ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرْ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
Teks Doa Sebelum dan Sesudah Baca Al Quran, Lengkap Tulisan Latin Serta Artinya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Ketenangan Hati Serta Pikiran, Lengkap Tulisan Arab, Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Bacaan Doa Pagi dan Sore Hari untuk Dirutinkan Setiap Hari, Tulisan Arab, Latin, dan Arti |
![]() |
---|
8 Contoh Kalimat Berita Duka dan Ucapan Duka Cita Islam untuk Orang yang Meninggal Dunia |
![]() |
---|
Doa untuk Jenazah Wanita Versi Pendek dan Panjang, Allahummaghfirlaha Warhamha Waafiha Wafuanha |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.