Seputar Islam

Contoh Khutbah Jumat Tentang Lailatul Qadar Edisi 5 April 2024 Bahasa Jawa, Berkesan dan Ada PDF

Berikut akan disajikan contoh Khutbah Jumat tentang malam Lailatul Qadar edisi 5 April 2024 yang menyentuh hati dan paling berkesan. Naskah Khutbah

Tribunsumsel.com
Contoh Khutbah Jumat Tentang Lailatul Qadar Edisi 5 April 2024 Bahasa Jawa, Berkesan dan Ada PDF 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan contoh Khutbah Jumat tentang malam Lailatul Qadar edisi 5 April 2024 yang menyentuh hati dan paling berkesan.

Naskah Khutbah tersebut juga disediakan dalam format PDF yang bisa Anda unduh melalui tautan dibawah ini.

___

Khutbah Jumat: "Keutamaan Malam Lailatul Qadar"

Khutbah I

اَلْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِيْ أَحْسَنِ تَقْوِيْمٍ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْعَظِيْمِ الْكَرِيْمِ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كُنِّيَ بِأَبِي الْقَاسِمِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Monggo kito samiyo tansah netepi takwa dateng Allah, kanti nindakaken sedoyo perintahipun, soho nebihi sedaya awisanipun.
Tansah netepono takwa lan taat dateng Allah, supados kito pikantuk rahmat lan kanugerahan, ing donyo puniko ngantos mbenjang dumugi akhirat, Amin.

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Wonten ing sepalih akhiripun wulan Ramadhan estunipun Allah maringaken rahmat kanugerahan ingkang linangkung agung tumrap kito poro kawulanipun ingkang sami njungkung ibadah.

Amergi kamulianipun wulan Ramadhan ingkang kadunungan lailatul qadar, ingkang mulianipun nglangkungi 1000 wulan. Kados dawuhipun Allah:

لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ

“Lailatul qadar iku luwih becik katimbang 1000 wulan.” (QS Al Qadar: 3)

Kanjeng Nabi naliko sampun dumugi akhiripun Ramadhan, cancut taliwondo gumbregah dalu adang-adang lailatul qadar, kanti njungkung ibadah, lan nggugahi sedoyo keluargo supados sami tumandang ibadah. Kados hadits ingkang dipun riwayataken Siti A’isyah ra ingkang artosipun kirang langkung:

“Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam puniko naliko sampun manjing sedoso dinten ingkang akhir saking wulan Ramadhan, Panjenenganipun nggegesang dalu, lan nggugahi sedoyo keluarganipun lan ugi nyancutaken nyamping/agemanipun.” (HR Bukhari dan Muslim)

Halaman
12
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved