Bulan Ramadhan
Contoh Teks MC dan Susunan Acara Malam Nuzulul Quran 17 Ramadhan 1445H/2024 Dalam Bahasa Jawa
Berikut akan Tribunsumsel.com sajikan contoh teks mc dan susunan acara kegiatan malam Nuzulul Quran 17 Ramadhan 1445H/2024 dalam Bahasa Jawa yang bisa
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
a. Ingkang sepisan, sambutan saking Ketua panitia pengaosan Nuzulul qur’an,
ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun sedherek Muhammad Amirul. Dhumateng panjenenganipun sedherek Muhammad Amirul kawula sumanggaaken. Nuwun.. sumonggo......... Matur nuwun dhumateng sedherek Muhammad Amirul ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.
b. Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Ketua (.......). Dumateng Bopo (........) wekdal kasumanggakaken....... Matur nuwun dhumateng Bopo Haji (.....) ingkang sampun kerso paring sambutan amawili (......).
c. Saklajengipun, sambutan ingkang kaping tigo, nun inggih saking Bapak (...........). Dhumateng panjenenganipun (.....) kawula sumangga'aken.... Matur nuwun dhumateng Bopo (....) minangka (.............) ingkang sampun kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika..
d. Saklajengipun, sambutan ingkang pamungkas, nun inggih saking Muspika Kecamatan Karangdowo. Dhumateng ingkang Amawili kawula sumangga'aken (....) Matur nuwun dhumateng Bopo (.......) ingkang sampun kerso paring sambutan amawili Muspika Kecamatan Karangdowo.
4. Hadirin wal hadirat rahimakumullah' Mekaten kalawau,
sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo. Ngancik adicara ingkang kaping sekawan inggih menika Istirahat.
Wekdal istirahat ing dalu menika badhe di pun isi dening Grup Hadroh ugi Sholawat saking Remaja Islam Masjid Al Fadhilah Karangtalun. Dhumateng rencang Grub Hadroh Remaja Islam Masjid Al Fadhilah Karangtalun.
Wekdal Kasumanggakaken.. sumonggo...
Baca juga: Contoh Ceramah Tentang Nuzulul Quran 17 Ramadhan 1445 H/2024 yang Singkat dan Penuh Makna
Baca juga: 10 Contoh Ucapan Malam Nuzulul Quran 2024 Bahasa Arab dan Artinya, Penuh Doa Untuk Caption di Medsos
5. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah,
purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun nun inggih wedharing wursita aji saha ma’uidhah hasanah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Dhumateng almukarrom bapa kyai (.............) kasuwun paring Ma’uidhah hasanah ing pepanggihan pengaosan Nuzulul Qur’an dalu punika. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.......
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenenganipun almukarrom bapa kyai (.......) ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika.
Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Teks MC Acara Malam Nuzulul Quran Bahasa Jawa
Malam Nuzulul Quran 2024
Tribunsumsel.com
Bulan Ramadhan 2024
7 Olahraga Ringan yang Cocok untuk Jaga Kebugaran Tubuh Selama Puasa Ramadhan |
![]() |
---|
Batas Waktu Mandi Junub Sebelum Puasa Ramadhan Sampai Jam Berapa? Ini Penjelasannya |
![]() |
---|
15 Contoh Long Text Penyemangat Puasa Ramadhan untuk Orang Terdekat, Romantis dan Penuh Motivasi |
![]() |
---|
Doa Agar Ibadah Sholat dan Puasa Ramadhan Diterima, Allahumma Taqabbal Minna Shalatana Wa Shiyamana |
![]() |
---|
Arti Allahumma Ajirna Minannar Yanjir, Dibaca 3x Doa Setelah Salat Tarawih Agar Terhindar Api Neraka |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.