Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Tema Akhir Muharram 1445 H, Mudah Dipahami

Berikut contoh teks khutbah Jumat pada akhir bulan Muharram, besok Jumat (11/8/2023) dalam bahasa Jawa, penuh makna dan Khidmat. "Maknane Hijrah Maran

Tribunsumsel.com
Contoh Teks Khutbah Jumat Akhir Muharram dalam Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Khidmat 

Hadirin Ingkang Minulyo

Hadis meniko ngimutaken dateng kito tiyang muslim kedah noto niat sae nalikane hijrah, keranten sedoyo tindak lampah ingkang angsal ganjaran agung meniko saking niatipun piyambak-piyambak. Kanjeng Nabi dawuhaken makna hijrah nggih meniko:

الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ وَالْمُهَاجِرُ مَنْ هَجَرَ مَا نَهَى اللَّهُ عَنْهُ

Artosipun: "Tiyang Islam niku tiyang ingkang nyelametaken tiyang Islam lintu saking lisan lan tangane, tiyang hijrah niku tiyang ingkang ninggal larangane Gusti Allah." (HR. Bukhari, Abu Dawud)

Wonten syarah Sunan Abi Dawud dipun jelasaken bilih tiyang Islam sejati niku mboten bade ngelarani sederek muslim lintune kelawan lisan lan tangane.

Amergi saking lisan saget medal guneman olo, lan saking tangan saget medal tulisan ugi tindakan olo.

​​​​​​​Lajeng maknane hijrah nggih meniko pindah saking perkawis olo marang perkawis ingkang sae, ninggal sedoyo cecegahan Gusti Allah tumuju marang tindak lampah ingkang dipun ridoi Gusti Allah, ugi istiqamah ngabekti marang Gusti Allah, sehinggo nggadah iman ingkang kuat.

Hadirin Ingkang Sami Bahagio
​​​​
Sakmangke wulan Dzulhijjah bade telas lan mlebet wulan Muharram, setunggale wulan ingkang mulyo lan dados tahun barune umat Islam, tahun baru hijriah.

Kito sedoyo dipun imutaken supados nindakaken amal kesaenan, lisan lan tangan dipun jogo saking ngelampahi keawonan.

​​​​​​​Pramilo, monggo sami ningkataken amal kesaenan lan njungkung ibadah dumateng Gusti Allah, keranten wulan Muharram nggadah kautaman ingkang katah sanget. Ampun ngantos kito angguraken mboten wonten kesaenan babar pisan.

Abu Nu’aim ing kitab Hilyatul Auliya’ juz 9 halaman 269 negesaken:

مَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ فِي نُقْصَانٍ

​​​​​​​Artosipun: "Sopo wonge dino iki kahanane podo karo dino wingi, mongko piyambake wonten kekirangan"

Mugo kito sedoyo saget hijrah arupi ninggalaken perkawis ingkang awon, ninggalaken maksiat tumuju marang tindak lampah ingkang dipun perintah Gusti Allah lan nderek pituduh saking Kanjeng Nabi serto njagi guyub lan rukun antawis sederek muslim.

Mugi kito tansah pinaringan rohmat lan maunah saking Gusti Allah.

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved