Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Tema Akhir Muharram 1445 H, Mudah Dipahami

Berikut contoh teks khutbah Jumat pada akhir bulan Muharram, besok Jumat (11/8/2023) dalam bahasa Jawa, penuh makna dan Khidmat. "Maknane Hijrah Maran

Tribunsumsel.com
Contoh Teks Khutbah Jumat Akhir Muharram dalam Bahasa Jawa, Penuh Makna dan Khidmat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut contoh teks khutbah Jumat pada akhir bulan Muharram, besok Jumat (11/8/2023) dalam bahasa Jawa, penuh makna dan Khidmat.

Judul Khutbah Jum'at:  "Maknane Hijrah Marang Gusti Allah lan Rasulullah"

اَلْحَمْدُ للّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين

أَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهاَ الْحَاضِرُوْنَ ، أوْصيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: إِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوا وَجَٰهَدُوا فِيْ سَبِيْلِ اللهِ أُولَٓئِكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللهِۚ وَاللهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

Jamaah Jum’at Ingkang Minulyo

Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun ngantos kito mbenjing pejah kelawan netepi agomo Islam.

Gusti Allah dawuh wonten surat Ali Imran, 102:

يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Artosipun: "Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan siro kabeh ojo mati kejobo netepi Islam"

Sholawat serto salam mugi tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat, panggenan panguripan ingkang sejati.

Salah setunggale tindak lampah ingkang kalebet takwo nggih meniko noto niat hijrah marang Gusti Allah lan Rasulullah. Kanjeng Nabi dawuh:

إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى . فَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ، وَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيْبُهَا أَوْ امْرَأَةٍ يَنْكِحُهَا فَهِجْرَتُهُ إِلَى مَا هَاجَرَ إِلَيْهِ

Artosipun: "Anging pestine sah-e piro-piro amal niku saking niyate, lan saben awak-awakan niku dipun tingali saking nopo-nopo ingkang diniati, sopo wonge hijrahe marang Gusti Allah lan Rasule, mongko hijrahe marang Gusti Allah dan Rasule, lan sopo wonge hijrohe krono dunyo utawi tiyang istri kang bakal dinikahi, mongko hijrahe tumuju marang perkoro kang diniati." (HR. Bukhari, Muslim)

Wonten Syarah Arbain anggitane Ibnu Daqiq mertelaaken bilih hadis meniko salah setunggale punjere Islam.

Imam Syafii lan Imam Baihaqi dawuh bilih hadis kasebat kalebet sepertelune ilmu. Amergi pitung puluh bab fikih melebet wonten hadis niki.

Halaman
123
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved