Ramadhan 2023
4 Contoh Susunan Acara Nuzulul Quran 17 Ramadhan 1444 H/2023 di Masjid dan Sekolah
Kumpulan susunan acara untuk merayakan Nuzulul Quran, Sehingga contoh kumpulan susunan acara nuzulul quran bisa untuk ditiru.
Penulis: M Fadli Dian Nugraha | Editor: Abu Hurairah
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
3. Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.
a. Ingkang sepisan, sambutan saking Ketua panitia pengaosan Nuzulul qur’an,
ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun sedherek Muhammad Amirul. Dhumateng panjenenganipun sedherek Muhammad Amirul kawula sumanggaaken. Nuwun.. sumonggo......... Matur nuwun dhumateng sedherek Muhammad Amirul ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.
b. Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Ketua PHBI Desa Karangtalun. Dumateng Bopo Haji Eko Yuni Saputro, S.PdI, wekdal kasumanggakaken....... Matur nuwun dhumateng Bopo Haji Eko Yuni Saputro, S.PdI ingkang sampun kerso paring sambutan amawili PHBI Desa Karangtalun.
c. Saklajengipun, sambutan ingkang kaping tigo, nun inggih saking Bapak PJS Kepala Desa Karangtalun. Dhumateng panjenenganipun Bopo Haji Sumardi, SE kawula sumangga'aken.... Matur nuwun dhumateng Bopo Haji Sumardi, SE minangka PJS Kepala Desa Karangtalun ingkang sampun kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika..
d. Saklajengipun, sambutan ingkang pamungkas, nun inggih saking Muspika Kecamatan Karangdowo. Dhumateng ingkang Amawili kawula sumangga'aken.... Matur nuwun dhumateng Bopo....... ingkang sampun kerso paring sambutan amawili Muspika Kecamatan Karangdowo.
4. Hadirin wal hadirat rahimakumullah' Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo. Ngancik adicara ingkang kaping sekawan inggih menika Istirahat.
Wekdal istirahat ing dalu menika badhe di pun isi dening Grup Hadroh ugi Sholawat saking Remaja Islam Masjid Al Fadhilah Karangtalun. Dhumateng rencang Grub Hadroh Remaja Islam Masjid Al Fadhilah Karangtalun.
Wekdal Kasumanggakaken.. sumonggo...
5. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin wal muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun nun inggih wedharing wursita aji saha ma’uidhah hasanah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Dhumateng almukarrom bapa kyai Sri Setyo, S.PdI, SH, M.Si kasuwun paring Ma’uidhah hasanah ing pepanggihan pengaosan Nuzulul Qur’an dalu punika. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.......
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenenganipun almukarrom bapa kyai Sri Setyo, S.PdI, SH, M.Si ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika.
Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Poro bapak, poro ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi,
kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Muslimin wal muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah,
Susunan Acara Nuzulul Quran
Susunan Acara Nuzulul Quran Lengkap
Contoh Susunan Acara Nuzulul Quran Lengkap
Lengkap Susunan Acara Nuzulul Quran
Tribunsumsel.com
Nuzulul Quran
Batas Bayar Zakat Fitrah Sampai Jam Berapa? Ini Waktu Terbaiknya, Lengkap |
![]() |
---|
Bacaan Doa Menerima Zakat Beserta Latin dan Artinya, Ini 8 Golongan Penerima Zakat |
![]() |
---|
Doa Niat Zakat Fitrah untuk Ibu Kandung, Diri Sendiri dan Keluarga, Lengkap Arab Latin dan Artinya |
![]() |
---|
Tata Cara Sholat Lailatul Qadar Malam 27 dan 29 Ramadhan 1444H, Beserta Bacaan Niat dan Doa |
![]() |
---|
Doa Hari Ke 27 Bulan Ramadhan Lengkap dan Mudah Dibaca, Amalan 10 Hari Terakhir Puasa |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.