Ramadhan 2023

4 Contoh Susunan Acara Nuzulul Quran 17 Ramadhan 1444 H/2023 di Masjid dan Sekolah

Kumpulan susunan acara untuk merayakan Nuzulul Quran, Sehingga contoh kumpulan susunan acara nuzulul quran bisa untuk ditiru.

|
Penulis: M Fadli Dian Nugraha | Editor: Abu Hurairah
Tribun
Kumpulan susunan acara untuk merayakan Nuzulul Quran, Sehingga contoh kumpulan susunan acara nuzulul quran bisa untuk ditiru. 

2. Susunan Acara Peringatan Nuzulul Quran Bahasa Jawa

Assalamuaikum Wr Wb

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah,

asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Wonten ngarsanipun panjenenganipun Al Mukarram, Bopo kyai Sri Setyo, S.PdI, SH, M.Si (Pengasuh Pondok Pesantren Al Falah, Baki) ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh aji sepuh, ingkang dhahat kinabekten. Dhumateng panjenenganipun Bapak PJS Kepala Desa Karangtalun, Bopo H. Sumardi, SE saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah. Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.


Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi dumugi ing titiwanci menika, taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing Dinten Akhir.

Allahumma amien.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin walmuslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengetan Nuzulul Qur’an tahun sewu kawan atus tigang doso pitu (1347) keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengeta ing titi wanci punika.


1. Adicara angka sepisan inggih menika Pambuka
2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Ayat-ayat Suci Alqur’an ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening Ananda Salsabila Nur Lathifah kanthi sari tilawah Ananda Nabila Nur Aisya.
3. Adicara ingkang angka tiga nun inggih Sambutan-sambutan.
4. Ndungkap Adicara ingkang angka sekawan inggih menika Istirahat.
5. Kalajengaken adicara ingkang angka gangsal, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang inti, inggih punika, Ma’uidhah hasanah saking Panjenenganipun Bopo kyai Sri Setyo, S.PdI, SH, M.Si
6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Nuzulul Qur-an ing dalu punika.

Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT.


1. Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti sesarengan kanthi maos surah Fatihah.

Liridhalilahita'ala wa syafa'ati rasulillah shalallahu 'alaihi wasalam alfatihah:.......
Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal dumugi akhir. Amien.


2. Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening Ananda Salsabila Nur Lathifah kanthi Sari tilawah Ananda Nabila Nur Aisya........

Halaman
1234
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved