Seputar Islam
Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru 31 Oktober 2025, Khidmat dan Penuh Makna, Ada PDF
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Sedaya puji namung kagungan Allah ta’ala. Dzat ingkang Maha Kawasa. Dzat ingkang maringi kita kathah kanugrah
Penulis: Putri Kusuma Rinjani | Editor: Putri Kusuma Rinjani
Artosipun: “Saktemene wong-wong kang padha ngucap: utawi Pengeran ingsun kabeh, iku Gusti Allah. Nuli padha jejeg (istiqamah), mangka malaikat bakal temurun sarta padha matur, aja wedi lan aja susah. Lan bungaha sira kabeh, kelawan suwarga ingkang sampun dijanjikake Allah,” (QS Fushshilat: 30).
Wonten ing kitab Tafsir Al Ibriz dipun terangake, bilih tiyang ingkang istiqomah, tegese tiyang ingkang netepi tauhid lan nindaake kewajiban-kewajiban, mangka wong kaya iku wau nalikane arep mati, malaikat padha medun nekani deweke, lajeng dhawuh: Sira kabeh aja padha wedi (ngadepi pati) lan susah (ninggalake keluarga lan liya-liyane).
Lan janjine Allah ta’ala, yaiku kabar bungah arupi suwarga maring tiyang-tiyang ingkang istiqamah kaya mengkunu iku. Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Istiqamah dados perkawis ingkang penting, kangge cekelan kita ing dalem nglampahi gesang wonten ing zaman ingkang penuh tantangan sakmenika.
Tiyang ingkang istiqamah ing ndalem gujengi ajaran agama lan ketaatan dhateng Gusti, piyambake bakal urip tentrem, adem, ayem. Ora gampang kabujuk marang gumebyare dunya. Ora gampang nglarani ati wong liya lan kosok wangsule, ora gampang lara ati.
Sebab uripe tansah disandarke maring Gusti Allah. Senajan katon entheng utawi sepele, ananging istiqamah menika sejatine dados perkawis ingkang agung. Sebab kedudukanipun ingkang agung menika, wonten pangandikan: "al istiqamah khairun min alfi karamah", setunggal amal ingkang istiqamah, niku langkung sahe tinimbang sewu karomah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Pramila, mangga kita tansah istiqamah ing ndalem ajaran Islam, senaoso zaman terus berubah. Kita manfaatke, urip ingkang sementara niki, kangge taat dhateng Allah ta’ala.
Urip wonten ing dunya niki, inggih punika nikmat ingkang kedah dipun syukuri, supados kita angsal kesaenan wonten ing dunya lan akhirat.
Kita dedunga kalian Allah ta’ala mugi kita saget tansah istiqamah ing dalem taat dhateng Allah ta’ala. Amin ya Rabbal Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
***
Artikel lainnya di google news.
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.
| Niat Salat Jumat Setelah Adzan Pertama dan Niat Salat Tahyatul Masjid Lengkap Arab Latin dan Arti |
|
|---|
| Surat Yasin Full 83 Ayat Teks Arab Latin dan Artinya, Dibaca Online Lewat HP |
|
|---|
| Bacaan Doa Sebelum dan Sesudah Baca Yasin Malam Jumat untuk Orang Meninggal Dunia |
|
|---|
| 3 Bacaan Doa Hari Jumat Penuh Berkah, Teks Arab, Latin dan Terjemahan Bahasa Indonesia |
|
|---|
| Hadits tentang Lima Perkara yang tidak Boleh Ditunda, Sebaiknya Disegerakan |
|
|---|

Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.