Seputar Islam

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 12 September 2025, Mengandung Makna dan Khidmat

Maasyirol Muslimin rohimakumullah, Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, wonten ing panggenan pundi kimawon kanti nindakaken sedoyo per

Google Gemini AI
ILUSTRASI MENYAMPAIKAN KHUTBAH JUMAT - Inilah Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru Edisi 12 September 2025, Mengandung Makna dan Khidmat 

TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan selengkapnya teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa terbaru edisi 12 September 2025 yang mengandung makna dan khidmat untuk referensi.

_________

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa

"Ojo Kapegot Saking Rohmate Gusti Allah"

Khutbah I 

الحمدُ لله حمدًا كثيرًا طيبًا مُبارَكًا فيه كما يُحبُّ ربُّنا ويَرْضَى، وأشهدُ أن لا إله إلا الله وحدَه لا شريكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّته وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكيمٌ في مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ. أمَّا بَعْدُ: فيا أيها الحاضرون رحكُمُ الله ، أُوْصِيْكُمْ وَإيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فاَزَ الْمُتَّقُوْنَ قال تعالى : يا أيها الذين آمنوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن 

Maasyirol Muslimin rohimakumullah

Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, wonten ing panggenan pundi kimawon kanti nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah.

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo lan sohabatipun ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan dumateng kito sedoyo, supados saget nderek lan ngenut tindak lampah kesaenanipun. 

Setunggale tindak lampah ingkang kedah dipun anut nggih meniko mboten kapegot utawi putus asa dumateng Rohmate Gusti Allah. Gusti Allah dawuh: 

قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ 

Artosipun: "Ngucapo siro Muhammad, Hei kawulo ingsun ingkang podo ngeliwati wates awake, ojo podo putus asa siro kabeh saking rahmate Gusti Allah, saktemene Gusti Allah iku dzat kang ngapuro duso sekabehane, saktemene Gusti Allah akeh pengapuro lan welas asih" (QS. Az-Zumar:53) 

Ayat meniko negesaken bilih sinten kimawon ampon ngantos putus asa sinaoso katah duso, keranten tiyang ingkang nggadah duso lan keluputan bakal dipun apuro selagine mboten bade rumongso keputus saking rahmate Gusti Allah.  

Jamaah Jumat ingkang dipun rohmati Allah 
Rohmate Gusti Allah meniko ngeliputi sedoyo alam, sedoyo makhluk. Setunggale hadits riwayat Muslim nyebataken: 

أَنَّ امْرَأَةً بَغِيًّا رَأَتْ كَلْبًا فِى يَوْمٍ حَارٍّ يُطِيفُ بِبِئْرٍ قَدْ أَدْلَعَ لِسَانَهُ مِنَ الْعَطَشِ فَنَزَعَتْ لَهُ بِمُوقِهَا فَغُفِرَ لَهَا 

Artosipun: "Siji dino wadon nakal ningali asu ngelak ing tengah rino. Asu niku muteri sumur kranten nyuwun ngombe, lajeng wadon niku nyopot sepatune lan paring tuyo saking sumur kagem asu, mongko duso wadon iku dipun apuro" (HR. Muslim) 

Hadits meniko paring pepertelan bilih rahmate Gusti Allah kagem sinten kimawon, sinaoso tiyange nggadah duso kados dene wadon lacut wonten hadits kasebat. 

Halaman
12
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved