___
#Pidato Kemerdekaan - 2
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Ingkang tansah kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP XXXXXXX
Para Bapak/Ibu guru dan staf, ing kula khurmati saha para mitra teman-teman ingkang kula tresnani.
Kapisan, sumangga sesarengan tansah kita konjukaken raos puji sokur ig ngarsanipun Gusti Allah awit namung saking kawelasan saha asihipun kita saged kempal dhateng adicara pengetan dinten kamardikan Indonesia ing dinten punika kanthi boten kekirangan setunggal punapa.
Dinten punika surya 17 Agustus 2025, kita bangsa Indonesia nindakaken pengetan ambal warsanipun nagari ingkang sanget kita tresnani ingkang kaping 79.
Minangka generasi mudha, kita kagungan lelabuhan ingkang wigati kagem njagi sarta ngisi kamardhikan menika kanthi tumindak ingkang mupangati.
Sampun ngantos kita ngisi kamardhikan punika kanthi tumindak ingkang kirang prayogi kados ta cecongkrahan klawan sedherek piyambak, damel riyakipun lingkungan, utawi ngina kapitayan sedherek sanes.
Dhateng pengetan ambal warsanipun Indonesia ingkang kaping 80 punika, kita kedah tansah kemutan menawi kita ingkang gesang dhateng Indonesia kedah ngecakaken nile-nile bhineka tunggal ika dhateng gesang saben dinten.
Kita kedah saged khurmat kagem sedayaning beda sarta kita kedah percados menawi salah satunggiling cara supados kamardhikanipun bangsa Indonesia saged lestari kanthi ngraketaken paseduluran tumrap sedaya warga negara Indonesia.
Ing perangan sanes, lumantar semangat bhineka tunggal ika. Kita para generasi mudha kedah saged dados generasi ingkang optimis kagem ngadhepi sedaya tantanganipun jaman. Sampun ngantos dados pribadhi ingkang gampil nglokro utawi minderan.
Kita kedah percados menawi kita menika pancen mujudaken generasi ingkang dipungadhang dening para pahlawan supados ndadosaken nagari Indonesia dados salah satungiling negari ingkang makmur ing dinten-dinten ngajeng.
Kagem mujudaken gegayuhanipun para pahlawan ingkang mekaten. Kita tansah kedah sinau sarta berjuang supados saged dados pribadhi ingkang langkung sae tinimbang dinten wingi.
Kula kinten cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken.
Wassalamualaikum Warahmatullohi Wabarakatuh.