TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut adalah contoh teks Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa terbaru edisi 18 Juli 2025, pilihan terbaik dan penuh makna untuk digunakan sebagai referensi.
==========
Materi Khutbah Jumat
"Mulyakno Tiyang Sepuh"
Khutbah I:
الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الله ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Hadirin Jamaah Muslimin Rahimakumullah
Monggo kito ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kimawon.
Kito kedah semangat anggenipun nindaaken sedoyo perkawis ingkang dipun ajaraken kaliyan Kanjeng Nabi.
Kito sebagai umat Islam ampun ngantos nganggur mboten manfaataken wekdal ingkang sampun diparingaken kito sedoyo, kranten pati soyo parek lan kito kedah cekelan netepi agomo Islam. Gusti Allah dawuh wonten surat Ali Imran, 102:
يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Artosipun: Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan ojo mati kejobo netepi Islam.
Takwo dumateng Gusti Allah kedah dipun tenani ngantos ajal dumugi, misale kito kedah ningkataken amal ibadah kesaenan, taqarrub marang Gusti Allah, tumindak becik marang tiyang lintu, mulyaaken tiyang sepuh, sehinggo pagesangan kito soyo berkah lan pikantuk rido tiyang sepuh.
Jamaah Jumat Ingkang Minulyo
Tiyang sepuh niku tiyang ingkan angsal derajat mulyo wonten ngersane Gusti Allah. Setunggale dawuh ingkang dipun kutip ingdalem hadis:
رِضَا اللَّهِ فِـيْ رِضَا الْوَالِدَيْـنِ، وَ سَخَطُ اللَّهِ فِـيْ سَخَطِ الْوَالِدَيْنِ
Artosipun: Ridone Gusti Allah niku ingdalem ridone tiyang sepuh, lan bendune Gusti Allah niku ingdalem bendune tiyang sepuh kaleh (HR. Tirmidzi)