Miturut Al-Qur'an bilih hikmahe poso nggih meniko supados kito langkung taqwo dumateng Allah.
Wonten surat al-Baqarah dipun dawuhake:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Artosipun:
"Hai wong-wong kang podo iman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wis diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)"
Saking meniko kito ingkang sampun mbiasa'aken ibadah poso saben wulan Ramadan punika ampun ngantos poso kito namung ngempet dahar lan ngunjuk kemawon.
Nanging kedah saget nambahi taqwo kita dateng Allah.
Kranten katah tiyang ingkang ngelampahi poso namung angsal ngelak lan luweh, kranten mboten saget nggayuh hikmahe poso. Kanjeng Nabi dawuh:
عَنْ أَبِي هريرة قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّي اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ رُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إَّلا الْجُوْعِ وَرُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَر (رواه النسائي)
Artosipun:
"Saking Abu Hurairah, Kanjeng Nabi dawuh, pinten-pinten tiyang poso mboten angsal ganjaran, kejobo luwe lan ngelak. Pinten-pinten tiyang sholat wengi mboten angsal ganjaran kejobo ngelilir wengi kemawon (HR An-Nasa'i)."
Milo, poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe, ananging ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani.
Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso ingkang dados kesenengane howo nafsu.
Pramila poso kita ampun ngantos namung nahan tutuk saking perkawis ingkang lumebet kemawon, ananging ingkang langkung penting nggih meniko njogo tutuk saking perkawis ingkang awon, kados guneman olo, adu-adu, rasan-rasan lan goroh.
Hikmah lintune, poso Ramadhan ndidik kita supados ningkataken sifat kumawula kanti amal ibadah soho amal sosial, kerono saklebetipun wulan Ramadhan kito mboten namung poso kemawon.
Ananging ugi ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur'an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun, ingkang sedoyo wau saget kita raosaken, saget meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan.
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Kedah dipun mangertosi bilih supados poso kita saget ngasilaken ganjaran, kito kedah mangertosi nopo ingkang dados syarate angsal ganjaran.
Antawisipun syarate nggih meniko buko poso kanti dahar ingkang halal.
Menawi buko kanti daharan ingkang haram, mongko mboten bakal angsal ganjaran, malahan panyuwunane bakal mboten dipun ijabahi lan bakal angsal dukone Gusti Allah.
Sejatose tiyang ingkang poso niku kados tiyang berjihad, artosipun bilih tiyang mu'min ing wulan Ramadhan ngelampahi jihad kaleh, inggih puniko:
1. Jihad kangge piyambake ing wekdal rahino kanti nindakkaken puasa.
2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam, kados tarawih, tahajud.
Sinten mawon ingkang saget ngelampahi jihad kaleh kasebat lan netepi sabar. Insyaallah bakal dipun paringi ganjaran saking ngersane Gusti Allah.
Akhiron, monggo kito cancut taliwondo, ngguna'aken poso Ramadhan kanti sae lan nggadahi makno, soho ngasilaken hikmah ingkang katah tumrap kita sedoyo, soho ditompo wonten ngersanipun Allah
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
**
Artikel lainnya di google news.
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.