"Saka sahabat Abu Hurairah ra., bilih Rasulullah sampun ngendika: Satemene wulan Ramadhan wis teka marang sira, wulan kang kebak berkah, ing sasi iku Allah SWT ngwajibake sira padha siyam. Ing sasi iku, lawanging swarga dibukak, dene lawanging neraka ditutup lan setan-setan dibelenggu. Ing sasi iku ana wengi kang luwih becik tinimbang sewu wulan," (H.R. An-Nasa’i).
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Tuladhanipun kanugrahan ingkang kaping kalih ingkang kedah dipun syukuri inggih menika dipunparingi kekiyatan lan kesehatan kangge nindakaken siyam. Puasa ramadhan menika mujudaken amalan kagem tiyang ingkang taqwa. Gusti Allah Swt. wonten ing surat Al-Baqarah ayat 183 dhawuh mekaten:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
Artinya:
"He wong-wong kang padha iman, sira diwajibake pasa kaya kang diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira padha taqwa,"(QS. Al-Baqarah [2]: 183).
Kajawi saking kalih tuladha ing nginggil, taksih kathah kanikmatan sanèsipun ingkang kedah dipun syukuri ing wulan Ramadhan, kadosta dipun pangapunten dosa-dosanipun, dipun inggilaken drajadipun, ugi dipun angkat kesarasan rohani lan jasmani.
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Mekaten kultum ingkang saged kula udharaken. Mugi saged mbeta berkah kagem kita sedanten. Ugi, mugi Allah SWT. rida dhumateng sedaya amalan ingkang kita lampahi. Aamin aamin ya rabbal alamin.
وَاللهُ المُوَفِّقُ إِلَى أَقْوَمِ الطَّرِيقِ
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
____
#Teks Kultum Ramadhan (3)
Monggo sami taqwo lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah, Amiin.
Wonten lebete poso wulan Ramadhan katah kesaenan ingkang saget diunduh.