14. Jroning nulis geguritan kudu digatekake dhiksi. Tegese "dhiksi" yaiku ....
a. Penganggone wirama
b. Penganggone basa
c. Pengangen-angen
d. Pamilihan tembung
Jawaban: D
15. Pakaryan ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita) diarani ....
a. Ngowahi crita
b. Prosa/crita
c. Ngarang crita
d. Parafrase
Jawaban: D
16. Wong kang nulis utawa ngarang geguritan kasebut…
a. Guritan
b. Panggurit
c. Pangarit
d. Pembyawara
Jawaban: B
17. Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani….
a.Wirama
b. Purwakanthi
c. Surasa
d. Sastra
Jawaban: B
18. Urip ing masyarakat ora oleh emban cindhe emban siladan.
Tegese emban cindhe emban siladan yaiku….
a. Pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine
b. Gampang molah-malih atine
c. Gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
d. Ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane
Jawaban: A
19. Endhek-dhuwur, cendhak-dawa, alus-kasare swara sing diucapake nalika maca geguritan diarani ....
a. Wirama
b. Wiraga
c. Wirasa
d. Wicara
Jawaban: A
20. Puisi basa Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani….
a. Geguritan
b. Cerkak
c. Tembang macapat
d. Gancaran
Jawaban: A