Seputar Islam

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 2 Agustus 2024, Singkat dan Khidmat Tentang Keluarga Sakinah

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Edisi 2 Agustus 2024, Singkat dan Khidmat Tentang Keluarga Sakinah

Lajeng dipun tegesaken wonten Surat al-A’raf, 129:

هُوَ ٱلَّذِی خَلَقَكُم مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّجَعَلَ مِنۡهَا زَوْجَهَا

Artosipun: Gusti Allah ingkang ndadeaken siro kabeh saking awak-awakan siji (Adam), lan saking piyambake, Gusti Allah ndadeaken jodoh (QS Al-A'raf: 129).

Mungguhipin Ibnu Asyur wonten kitab tafsir Tahrir wa Tanwir ayat kasebat dados tetenger bilih nalikane tiyang jaler lan istri nikah, mongko kekalihipun sami-sami nggadah kesetaraan dados tiyang ingkang ngelampahi rumah tangga, sami-sami njagi ketentreman, welas asih antawis kekalihipun.

Hadirin ingkang minulyo

Mbangun keluargo sakinah mboten saget kaliyan santai kimawon, ananging kedah diperjuangaken. Kados pundi kekalihe ngelampahi dinten-dintene naliko wonten cubo, ujian. Menawi dipun lampahi kanti cecekelan dumateng Gusti Allah, mongko bakal diparingi gangsar lan gampil nuntasaken masalah.

Pramilo, jejodohan meniko dipun ibarataken ageman kados dene dawuhipun Gusti Allah:

هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ

Artosipun: ...Tiyang istri niku minongko ageman kanggo siro kabeh, dan siro kabeh minongko agemane tiyang istri…" (QS Al-Baqarah: 187).

Saking pepertelan kasebat, saget dipun pundut pepiling bilih mbangun keluargo sakinah saget dipun wiwiti saking kekalihipun njagi raos trisno, welas asih, mboten mbandingaken kaliyan tiyang lintu lan kedah dipun lampahi kaliyan perkawis ingkang saget marekaken dumateng ridlone Gusti Allah.

Akhiripun, mugi-mugi kito saget ngelampahi lan mbentuk keluargo ingkang dados tupo tulodo kesaenan kagem tedak turun kito sedoyo. Amiin

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرْ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرْ. وَأَشْهَدُ أَنَّسَيِّدَنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدين

Halaman
123

Berita Terkini