TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini akan disajikan contoh materi Khutbah Jumat singkat dalam Bahasa Jawa edisi 2 Agustus 2024 tentang membangun keluarga yang sakinah, penuh khidmat dan berkesan untuk dijadikan referensi.
______
KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA
"Mbangun Keluarga Sakinah"
Khutbah I:
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ خَلَقَ اْلاِنْسَانَ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا مَوَدَّةً وَّرَحْمَةً, اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالىَ عَلَى مَااَنَالَهُ مِنَ النِّعَمِ اْلكَثِيْرَةِ, أَشْهَدُ أَنْ لآَإِلهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً نَرْجُوْ بِهَا السَّلاَمَةِ مِنَ اْلأَهْوَالِ وَالنِّقْمَةِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِىْ كَمُلَ بهِ عَقْدُ النُّبُوَّةِ فَطُوْبىَ لِمَنْ وَالاَهُ وَتَوَلاَّهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِناَ وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ الَّذِىْ اُرْسِلَ لِلْعَالَمِيْنَ رَحْمَةً, وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فىِ اللهِ حَقَّ جِهَادِهِ
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ، إِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ فِى كُلِّ سَاعَةٍ, وَاعْلَمُوْا اَنَّ النِّكَاحَ سُنَّةٌ مِنْ سُنَنِ رَسُوْلِ اللهِ. وَاَنَّ السَّعَادَةِ فِيْهِ مَرْجُوَّةٌ. قاَلَ اللهُ تَعَالىَ فىِ كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ : وَمِنْ اَيَاتِهِ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوْا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَّرَحْمَةً, اِنَّ فىِ ذَلِكَ لَاَيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُوْنَ
Hadirin jamaah Jum’at rahimakumullah
Monggo sami ningkataken takwa dumateng Gusti Allah kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Salah setunggale tindak lampah ingkang dados tetengere nindaaken kesaenan nggih meniko mbentuk keluargo sakinah,rukun, lan dados pengadem penggalih. Gusti Allah sampun dawuh:
وَٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
Artosipun: Lan wong-wong podo ngucap, Duh Gusti, kulo aturi panjenengan paring kito jodoh lan tedak turun ingkang dados pengadem penggalih kito, lan dadosaken kito sedoyo pengarepe tiyang-tiyang ingkang takwo (QS al-Furqan: 74).
Ayat meniko mertelaaken bilih menungso sami ngajeng-ngajeng jejodohan ingkang sae lan pikantuk tedak turun ingkang saget dados kebanggaan ingdalem babakan ngibadah dumateng Gusti Allah. Pramilo ing akhiripun ayat dipun sebataken, supados didadosaken pengarepe tiyang ingkang takwo, yakni dados panutan ngelampahi kesaenan.
Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah
Kedah kito mangertosi bilih jejodohan ingkang sae nggih meniko ingkang nggadah cita-cita mbangun keluargo sakinah lan tedak turun ingkang salih-salihah. Sedoyo niku saget dipun wiwiti kaliyan raos trisno lan asih-asihan.
Tegese, nalikane tiyang sampun jejodohan, kedah nyawang pasangane kanti raos trisno lan mboten bade mbandingaken pasangane kelawan tiyang lintu. Kranten katah sanget tiyang ingkang mbandingaken kelawan tiyang lintu, akhiripun muncul cemburu lan geting kaliyan pasangane. Padahal sejatine jejodohan niku kados ingkang dipun dawuhaken Gusti Allah:
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
Artosipun: Hei poro menungso, podo wediyo siro kabeh marang Gusti Allah ingkang ndadeaken siro saking awak-awakan siji (Adam), lan Gusti Allah ndadeaken pasangan / jodoh saking awak-awakan siji (Adam). (QS An-Nisa: 1).