"Saktemene Rasulullah dawuh, sopo wonge ngusap sirahe bocah yatim krono Allah, mongko saben rambut kang diusap bakal dipun wales kelawan sepuluh kesaenan, lan sopo wonge tumindak bagus marang bocah yatim; wadon utowo lanang onok sandinge, mongko ingsun lan wong kolowau ingdalem suwargo koyo dene driji loro iki. Kanjeng Nabi aweh isyarat driji telunjuk lan tengah."
Hadis niki pertelo sanget, bilih tiyang ingkang ngusap sirahe bocah yatim, estri utowo jaler, mongko bakale mlebet suwargo saget gandeng kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad.
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Tumindak bagus dumateng bocah yatim niku saget dipun wiwiti kaliyan wigati, perhatian. Langkung-langkung ngusap sirahe. Kranten saking hadis wonten inggil dipun pertelaaken bilih ngusap sirah bocah yatim bakal pikantuk ganjaran ageng.
Saklintune pikantuk ganjaran, ngusap sirah bocah yatim nggadah kautaman ingkang dipun sebataken:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَجُلًا شَكَا إِلَى رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَسْوَةَ قَلْبِهِ فَقَالَ: امْسَحْ رَأْسَ الْيَتِيمِ وَأَطْعِمِ الْمِسْكِينَ
"Diriwayataken saking Abu Hurairah, saktemene onok wong lanang wadul marang Kanjeng Nabi babakan atose ati, lajeng Nabi ngendikan: ngusapo sirahe bocah yatim lan aweho daharan marang wong miskin." (HR Ahmad)
Hadis meniko negesaken bilih tumindak bagus dumateng bocah yatim lan aweh daharan tiyang miskin niku kautamane saget nyebabaken ati ingkang atos dados empuk. Sinten kimawon ingkang atine peteng lan atos obate arupi ngelampahi ngusap sirah bocah yatim lan aweh daharan fakir miskin, kranten saget dados tombo ati, ugi nukulaken raos welas asih lan trisno.
Hadirin ingkang sami pinaringan kabegjan
Ngusap sirah bocah yatim niku saget dipun maknani dados lambange welas asih antawisipun tiyang sepuh dumateng bocah alit lan trisnane bocah marang bopo. Leres nopo ingkang dipun dawuhaken ing setunggale hadis riwayat saking Ibn Abbas:
عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لَيْسَ مِنَّا مَنْ لَمْ يَرْحَمْ صَغِيرَنَا وَيُوَقِّرْ كَبِيرَنَا وَيَأْمُرْ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَ عَنْ الْمُنْكَرِ
"Diriwayataken saking Ibn Abbas, piyambake dawuh, Rasulullah ngendiko: Ora kelebu golongan ingsun, wong kang ora welas marang bocah cilik, ora ngajeni wong sepuh, ora ngajak marang kebagusan, lan ora nyegah kemungkaran." (HR Tirmidzi)
Pramilo, monggo kito sami njagi, mbudidayaaken welas asih dumateng bocah yatim, fakir miskin. Lan mugi-mugi kelawan lantaran welas asih, penggalih kito sedoyo dados empuk lan tansah pikantuk ridone Gusti Allah. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاَياَتِ وَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II: