TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut akan disajikan materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa bertemakan bulan Muharram edisi hari ini, 12 Juli 2024 yang singkat dan penuh makna, cocok dijadikan referensi. Tersedia juga format PDF yang bisa Anda unduh melalui link tautan dibawah ini.
- Unduh PDF Naskah Khutbah Jumat >>> [Klik Disini:]
__________
"Ngusap Sirahe Bocah Yatim ing Wulan Muharram"
Khutbah I:
اَلْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا محمد وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin Jamaah Jumat rahimakumulLah
Monggo kito sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti tansah nindakaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun ing panggenan pundi kemawon, rame utawi sepi. Amergi kelawan takwo kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan lan selamet dunyo akherat, kempal kaliyan tiyang-tiyang ingkang temen anggenipun taat dumateng perintahe Gusti Allah.
Gusti Allah dawuh:
يٰۤـاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ
"Hei wong-wong kang podo iman, takwoho siro kabeh marang Allah, lan kumpulo sertane wong-wong kang temen. " (At Taubah: 119)
Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun nuduhaken kito marang dalan ingkang jejeg, sehinggo kito paham iman, islam lan ihsan. Ugi saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo ngajeng syafaatipun mbenjang dinten kiamat.
Wonten wekdal meniko, wulan Muharram katah tiyang ingkang sami cancut taliwondo nindaaken amal ibadah kranten ganjaranipun ageng sanget. Ing antawisipun amal kesaenan ingkang masyhur nggih puniko ngusap sirahe bocah yatim
Setunggale hadis bab ngusap sirah bocah yatim dipun riwayataken Imam Ahmad saking Abi Umamah:
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ مَسَحَ رَأْسَ يَتِيمٍ لَمْ يَمْسَحْهُ إِلَّا لِلَّهِ كَانَ لَهُ بِكُلِّ شَعْرَةٍ مَرَّتْ عَلَيْهَا يَدُهُ حَسَنَاتٌ وَمَنْ أَحْسَنَ إِلَى يَتِيمَةٍ أَوْ يَتِيمٍ عِنْدَهُ كُنْتُ أَنَا وَهُوَ فِي الْجَنَّةِ كَهَاتَيْنِ وَفَرَّقَ بَيْنَ اُصْبُعَيْهِ السَّبَّابَةِ وَالْوُسْطَى