إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Pramilo mboten salah, menawi wulan Sya’ban dipun sebat wulan sholawat. Kranten wonten ing wulan Sya’ban ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi temurun.
Ma’asyiral muslimin hafidhakumullah…
Ing wulan Sya’ban wonten setunggal malem engkan dipun agungaken, dipun berkahi, lan dipun mulyaaken, inggih meniko malem Nishfu Sya’ban utawi malem tanggal 15 Sya’ban (insyaalloh dumawah wonten Ahad malam Senin 29 Maret 2021).
Wonten ing malem kasebat, Alloh “mandap” nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken sebagian golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulallah Muhammad saw dawuh:
إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. (أخرجه ابن ماجه)
“Temen Alloh ono malem Nishfu Sya’ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Alloh pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang ekeran karo sedulure.” (HR. Ibnu Majah)
Malem Nishfu Sya’ban anggadahi sebutan engkang kathah sanget. Meniko nedahaken mulyonipun malem Nishfu Sya’ban. Ing antawisipun:
1. Malem engkang dipun berkahi
2. Malem pembagian rizqi ugi penetapan takdir
3. Malem penghapusan doso
4. Wonten malem Nishfu Sya’ban Allah ngapuro doso setahun, 5. Wonten malem Jum’at ngapuro doso seminggu, lan wonten malam Qodr ngapuro doso sak umur.
4. Malem ijabahipun dungo
لَيْلَةُ الإِجَابَةِ
Ibnu Umar ra. ngeriwayatken, wonten gangsal malem engkang mustajab, ing antwisipun malem Nishfu Sya’ban
- Malem gesang ugi malem riyoyone Moloikat
- Malem Nishfu Sya’ban meniko dinten riyoyo nipun malaikat lan piyambakipun mboten sare sewengi muput.
Dipun sunnahaken ngurep-ngurep kanthi ngathah ngathahaken ibadah sarono berjamaah wonten masjid.
Dipun makruhaken kempal sareng ngurep-ngurep kanthi ibadah wonten masjid. Mboten makruh menawi dipun tindaaken piyambak-piyambak wonten griyo. (Ma Dza fi Sya’ban)