TRIBUNSUMSEL.COM - Berikut ini merupakan contoh naskah Khutbah Jum'at edisi 1 Maret 2024 dalam Bahasa jawa yang khidmat dan penuh makna, tersedia pula dalam format PDF yang bisa diunduh melalui tautan dibawah ini.
- Unduh PDF Naskah Khutbah Jum'at: [Klik Disini;]
__________
Naskah Khutbah Jumat: Mendet Hikmah Saking Tumindak Dosa
KHUTBAH I
اَلْخُطْبَةُ الأُولَى
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ. اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ. مُكَوِّرِ اللَّيْلِ عَلَى النَّهَارْ. تَذْكِرَةً لِأُولِى الْقُلُوْبِ وَالْأَبْصَارْ. وَتَبْصِرَةً لِّذَوِي الْأَلْبَابِ وَالْإِعْتِبَارْ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِٰلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهْ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نُوْرِ الْأَنْوَارْ. وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ الْأَطْهَارْ.
أَمَّا بَعْدُ فَيَآأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ. فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَخَابَ مَنْ طَغَى.
Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…
Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.
Ma’asyiral muslimin hafidhakumullah…
Alhamdulillah, wekdal puniko kitho manggen wonten ing wulan Sya’ban, engkang ateges soyo caket dateng wulan Romadhon.
Dipun sebat Sya’ban, kranten wulan engkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget (yatasya’abu minhu khairun katsir). Makno lintunipun, Sya’ban musytaq saking Syi’b, ateges dalan erenge gunung utawi dalan kesaenan.
Posisi wulan Sya’ban engkang kecepit wulan Rojab lan Romadhon, meniko andadosaken Sya’ban kawon populeripun kalian kekalihipun. Ngantos Kanjeng Nabi ngecap wulan meniko wulan engkang dipun “LALEAKEN”. Kados sabdonipun:
ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ (رواه النسائي)
“(Sya’ban) iku wulan kang dilaleake poro manungso, kang manggon ing anatarane wulan Rojab lan Romadhon.” (HR. An-Nasa’i)