Semangat 45 kang sampun diwekdalake kangge kamardikaan bangsa Indonesia, mbebasaken bangsa saking penjajah.
Ing jaman kepungkur, para pahlawan menika ikhlas tumindak menapa mawon kangge Indonesia, wantun katutup ing getih kangge ngusir penjajah.
Kamardikaan, persatuan, lan kesatuan kang sampun diwujudake para pahlawan menika sakedahipun kito jogo, ampun ngantos wonten perpecahan kalian sederek sebangsa.
Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula kurmati, sumangga kita sedaya ndongakaken kangge perjuangan lan jasa para pahlawan.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugiyo kita sedaya saget dados warga negara kang saget njaga persatuan lan kesatuan bangsa.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
__________________________
Baca juga: 6 Puisi Sambut Hari Pahlawan Nasional 2023 Penuh Makna, Pengorbanan - Pahlawan yang Tak Dikenal
#Contoh Teks Pidato Kedua
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak Ibu (...)
Ingkang kula hormati staf TU
Lan Ingkang kula hormati para Bapak/Ibu undangan
Para rawuh ingkang kulo hormati
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan Nasional.
Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng.
Ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.
Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi peristiwa menika.
Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pengetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945.