Seputar Islam

Panduan Naskah Khutbah Jumat Hari Santri Nasional 2023 Bahasa Jawa Inspiratif, Link Unduh PDF Disini

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

Panduan Naskah Khutbah Jumat Hari Santri Nasional 2023 Bahasa Jawa Inspiratif, Link Unduh PDF Disini

Melalui Keputusan Preesiden (Kepres) nomor 22 tahun 2015 bapak Prsedien Jokowidodo netepaken bilih tanggal 22 Oktober sebagai hari santri nasional.

Tanggal 22 Oktober piunko merujuk Fatwa Resolusi Jihad panjenenganipun Rois Akbar Nahdlatul Ulama’ KH. Hasyim As’ary, bilih fatwa puniko nggeraaken poro santri, kyai lan sedoyo umat Islam kagem ngusir tentara sekutu ngantos pecahipun peristiwa 10 Nopember.

Dipun tetepaken hari Santri kanthi tujuan kagem nuladhani semangat jihad ke-Indonesia-an para pendahulu.

Semanten ugi anggenipun mujudaken sedaya maksud lan tujuan, ngagem cara-cara ingkang dipun garisaken dening Allah lan rasulipun, kanthi langsung utawi mawi undang-undang ingkang dipun tetepaken dening para umaro’.

Cara-cara ingkang dipun tindakaken dening para komunis inggih punika ingkang marengaken sedaya cara kangge mujudaken tujuanipun. Cara mekaten punika boten dipun parengaken dening agami, kados pangandikanipun rasul:

إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ (رواه البخاري ومسلم

“Satuhune perkara kang halal iku wus jelas lan kang haram uga wus jelas. Ing antarane lorone ana perkara-perkara kang subhat (remeng-remeng) kang ora dingerteni wong akeh. Mangka sapa wonge kang njaga awake seka perkara kang syubhat ateges dheweke wus nylametake agama lan kinurmatane. Lan sapa wonge kepleset ing perkara kang subhat ateges kepeset ing perkara kang diharamake”. (HR. Buchari Muslim)

Kanthi mekaten sedaya tumindak ingkang boten pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT, yektos sawekdal-wekdal badhe damel cilaka malah badhe hancur.

Mekaten punika sampun kabukten nalika faham komunis badhe katancepaken ing negara Indonesia, malah badhe nggantos dasaripun negari inggih Pancasila kanthi dasar komunis, akhiripun inggih hancur.

Gerakan 30 September 1965 Partai Komunis Indonesia akhiripun hancur, sahingga ing tanggal 1 Oktober 1965 Pancasila tetep dados dasaripun negari Indonesia. Lan ing saben tanggal 1 Oktober dipun pengeti Hari Kesaktian Pancasila.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah

Satuhunipun hukum halal lan haram punika dipun tetepaken dening Allah, supados tumindakipun manungsa punika wonten piugeranipun.

Kanthi halal lan haram punika ateges wonten tumindak ingkang kedah dipun tindakaken lan wonten tumindak ingkang kedah dipun tilar.

Tiyang ingkang sampun yakin dhateng Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:

Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:

“Lan wong-wong kafir padha ngucap: “dinane tangi saka kubur iku ora bakal teka marang kita”.

Halaman
123

Berita Terkini