24. Laras, lurus, leres, laris
25. Wong urip iku kudu wigen, tengen, lan mugen.
26. Dhasar mula putri susila, sinembuh penggalih ngumala.
27. Sing weweh bakal wuwuh.
28. Wedi-wedi, apa kang dadi wadimu.
29. Tindak, tanduk lan tutur kang kalantur, ramtu katula-tula aktali, bakal kacatur, katuruh, kapatuh lan dadi awon
30. Tata tertib tartamtu tentrem
31. Yen gelem obah bakal mamah
32. Anak polah bapa kepradhah
33. Apik kemripik nancang kirik
34. Bacin-bacin iwak, ala ala sanak
35. Buntel kadut ora nginang ora udut
36. Ciri wanci lelai ginawa mati
37. Gemblung jinurung, edan kuwarisan
38. Mengkak-mengkok ora wurung ngumbah popok.
39. Londho-londho walang sangit nggendhong kebo
40. Gumarenggeng anggereng anggeng gumrunggung
Baca juga: Arti Jomok dalam Bahasa Gaul Adalah Apa? Kosa Kata Viral di TikTok dan Medsos Lainnya